[1] Wong Filisti perang nglawan wong Israel. Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe wong Filisti lan akeh kang mati ana ing pagunungan Gilboa.
[2] Sang Prabu Saul lan para putrane padha kaoyak dening wong Filisti; Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul, padha kasedanan.
[3] Peperangan iku tumrap Sang Prabu Saul saya abot. Bareng wadya-bala panahan mrangguli panjenengane, panjenengane banjur ketaton.
[4] Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.
[5] Bareng kang ngampil dedamele sumurup, manawa Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange, tumuli mati.
[6] Dadine Sang Prabu Saul, putrane tetelu lan kulawargane kabeh padha nemahi seda.
[7] Bareng sakehe wong Israel kang ana ing lebak padha sumurup, manawa wadya-balane wus padha keplayu sarta Prabu Saul dalah para putrane wus seda, wong-wong mau padha lolos saka ing kutha-kuthane lan padha lumayu uga; wong Filisti banjur padha teka lan manggon ana ing kono.
[8] Esuke bareng wong Filisti padha teka mblejedi wong-wong kang mati, padha nyumurupi layone Sang Prabu Saul lan para putrane gumlimpang ana ing pagunungan Gilboa.
[9] Banjur padha diblejedi, mustakane Sang Prabu Saul dalah prabote perang kajupuk, kagawa mubeng-mubeng ana ing nagarane wong Filisti kanggo aweh pawarta marang brahala-brahalane lan marang rakyat.
[10] Prabote perang Sang Prabu Saul tumuli kadekek ing omahing allahe, nanging mustakane dipaku ana ing omahe Dagon.
[11] Bareng wong ing Yabesy-Gilead kabeh padha krungu apa kang katandukake dening wong Filisti marang Sang Prabu Saul,
[12] kabeh wong kang gagah prakosa padha tata-tata lan banjur mangkat njupuk layone Sang Prabu Saul lan layone para putrane, digawa menyang Yabesy, balung-balunge padha kapetak ana ing sangisoring wit-witan gedhe ing Yabesy. Sawuse mangkono nuli padha pasa pitung dina.
[13] Kaya mangkono sedane Sang Prabu Saul, jalaran saka anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah, ora gondhelan marang pangandikane Sang Yehuwah lan marga saka anggone wus mundhut pitedah marang arwah,
[14] lan ora nyuwun pitedahing Sang Yehuwah. Mulane banjur disedani dening Pangeran Yehuwah lan kalenggahaning ratu kaparingake marang Sang Dawud bin Isai.