Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 3:38

[1] Saka Paulus, abdining Allah lan rasulé Yésus Kristus, kanggo ngrumati pracayaning para pepilihané Allah sarta kawruh ing bab kayektèn, kaya kang kababar ing pangibadah kita,

[2] kadhasaran pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurungé wiwitaning jaman wis kaprasetyakaké déning Allah kang ora cidra.

[3] Ing waktu kang kinersakaké, Panjenengané wis medhar pangandika ana ing pangundhanging Injil, kang wis kapitayakaké marang aku cundhuk karo dhawuhing Allah, Pamarta kita.

[4] Marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Pamarta kita, anaa ing kowé.

[5] Kowé daktinggal ana ing Kréta, supaya mranata apa kang isih prelu ditata sarta supaya ngangkat pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wis dakwelingaké marang kowé,

[6] yaiku para wong kang tanpa cacad, kang somahé siji, kang anak-anaké padha pracaya lan ora didakwa marga uripé ora pantes tuwin ora tumata.

[7] Amarga pamomonging pasamuwan iku dadi juru-pranatané padalemaning Allah, mulané kudu tanpa cacad, ora gumunggung, ora gampang nepsu, ora seneng endem-endeman, ora brangasan, ora srakah,

[8] nanging seneng awèh pamondhokan, seneng marang kang becik, wicaksana, adil, salèh, bisa ngendhalèni dhiri

[9] sarta ngantepi pitembungan kang bener, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata, supaya bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinaké wong kang padha nglawan.

[10] Amarga wis akèh wong kang uripé padha ora tumata, luwih manèh saka panunggalané wong kang ngugemi pranatan tetak; iku padha nasaraké wong nganggo tembung-tembung ngayawara.

[11] Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem, awit iku gawé kisruhing brayat akèh kalawan piwulangé kang ora patut, supaya olèh kauntungan kang nistha.

[12] Ana panunggalané wong-wong iku, yaiku nabiné dhéwé, iku tau kandha mangkéné, <<Dhasar wong Kréta iku tukang goroh, kéwan galak lan wong dremba kang kesèd.>>

[13] Paseksi mangkono iku bener. Awit saka iku welèhna kang banget, supaya pracayané dadi pulih,

[14] sarta aja manèh-manèh nggatèkaké marang dongèng-dongèng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang nyingkur kayektèn.

[15] Tumrap wong kang suci, samubarang kabèh iku resik, nanging tumrap wong kang najis lan kang ora pracaya, ora ana barang siji baé kang resik, awit pikirané lan osiking atiné najis.

[16] Wong-wong iku ngakuné padha wanuh marang Allah, nanging kalawan tingkah-lakuné, padha nyélaki Panjenengané. Padha njemberi lan murang sarak sarta ora bisa nindakaké samubarang kang becik.

Titus — Chapters