[1] Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus kang bakal ngadili wong kang urip lan kang mati, aku pitutur marang kowé ing satemené, demi rawuhé sarta demi Kratoné.
[2] Kowé nggelarna pangandika, samektaa ing waktu kang becik utawa kang ora becik, nuduhna apa kang salah, ngélingna lan mituturana kalawan sakèhing kasabaran lan piwulang.
[3] Amarga bakal tumeka ing waktuné, wong bakal ora bisa nampani manèh piwulang kang becik, nanging bakal padha ngumpulaké guru-guru kang dikarepaké kanggo maremaké pepénginaning kupingé.
[4] Bakal padha ngingeraké kupingé saka kayektèn lan ngrungokaké dongèng.
[5] Nanging kowé, dibisa ngemudhèni awakmu ing sajroning samubarang kabèh, disabar sajroning nandhang sangsara, nindakna pagawéané juru-warta Injil, lan nglakonana kuwajibaning leladi!
[6] Mungguh aku iki, getihku wis wiwit kaesokaké minangka pisungsung lan ajalku wis cedhak.
[7] Aku wis mungkasi tetandhingan kang utama, aku wis tekan garis wekasan, aku wis ngantepi ing pracaya.
[8] Saiki aku wis cinawisan makuthaning kayektèn, kang bakal kaparingaké marang aku déning Gusti, Hakim kang adil, ing titi-mangsané; nanging ora mung kanggo aku baé, malah uga kanggo sakèhing wong kang padha cecengklungen marang rawuhé.
[9] Udinen supaya kowé énggal bisa nemoni aku,
[10] Démas wis ninggal aku awit kepéncut marang donya iki, lan wis mangkat menyang Tésalonika. Krèskès wis lunga menyang Galatia lan Titus menyang Dalmatia.
[11] Mung Lukas kang isih nunggal karo aku. Markus pethuken lan ajaken mréné, awit anggoné leladi migunani aku.
[12] Tikhikus wis dakkongkon menyang Éfesus.
[13] Yèn kowé mréné, jubah kang daktinggal ana ing Troas ing omahé Karpus iku cangkingen lan uga buku-bukuku, sing prelu dhéwé buku kang digawé saka walulang.
[14] Alèksander tukang tembaga iku, wis nindakaké piala akèh marang aku. Iku bakal diwales déning Gusti miturut panggawéné.
[15] Kowé uga sing waspada marang wong iku, awit banget anggoné nglawan piwulang kita.
[16] Nalika aku ngaturaké panjawab ing pengadilanku kang kapisan, ora ana wong siji-sijia kang mbe'lani aku, kabèh padha ninggal aku -- bab iku muga aja ditempuhaké marang wong-wong mau --
[17] nanging Gusti wis ngamping-ampingi aku lan nyantosakaké aku, supaya lantaran aku, Injil kaundhangaké wutuh lan sakèhing wong dudu Yahudi padha ngrungokaké! Sarana mangkono, aku luwar saka cangkemé singa.
[18] Gusti bakal ngluwari aku saka sarupaning panggawé ala. Panjenengané bakal milujengaké aku, nganti aku lumebu Kratoné ing swarga. Kaluhuran kagema Panjenengané ing salawas-lawasé! Amin.
[19] Salam marang Priska lan Akwila lan marang brayaté Onésiforus.
[20] Érastus kari ana ing Korintus lan Trofimus daktinggal lara ana ing Milétus.
[21] Udinen anggonmu mréné sadurungé mangsa bedhidhing. Salam saka Ébulus lan Pudès sarta Linus lan Klaudia apadéné saka sadulur kabèh.
[22] Gusti mugi nunggil ing rohmu. Sih-rahmaté nunggila ing kowé!