[1] Nanging kowé, wartakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.
[2] Para wong lanang kang wis tuwa supaya padha urip kajèn, prasaja, wicaksana sarta mantep ing pracaya, ing katresnan lan katemenan.
[3] Mangkono uga para wong wadon kang wis tuwa, iku padha mujudna anggoné dadi wong ngibadah, aja mitenah, aja karem ngombé anggur, nanging bisa memulang prakara-prakara kang becik,
[4] lan sarana mangkono bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anaké,
[5] urip kalawan wicaksana lan suci, sregep mranata balé-omahé, becik atiné sarta sumuyud marang kang lanang, supaya pangandikané Allah aja nganti dicecamah.
[6] Mangkono uga para wong nom-noman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhalèni awaké dhéwé ing sadhéngah prakara,
[7] lan kowé dhéwé dadia tuladha ing bab nindakaké panggawé becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen,
[8] tetembunganmu disatuhu lan tanpa cacad, satemah wong kang nglawan padha dadi wirang, amarga ora ana prakara-prakara ora becik kang kena kanggo ngala-ala kita.
[9] Para abdi padha pituturana supaya sumuyud marang bendarané tumrap sadhéngah prakara, lan padha gawéa senenging atiné lan aja mbantah,
[10] aja clemer, nanging tansah nélakna anggonmu temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing sadhéngah prakara, padha ngluhuraké piwulangé Allah, Pamarta kita.
[11] Awitdéné sih-rahmaté Allah kang nylametaké manungsa kabèh iku wis kababar.
[12] Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan pepénginan kadonyan sarta supaya kita urip kalawan wicaksana, adil tuwin ngabekti ana ing donya samengko iki,
[13] kalawan nganti-anti kaleksananing pangarep-arep kita kang kalubèran berkah karahayon lan ngatingalaké kamulyaning Allah kang mahaagung sarta Pamarta kita Yésus Kristus,
[14] kang wis masrahaké sarirané kanggo kita, supaya ngluwari kita saka sakèhing piala sarta nucèkaké kagem Panjenengané, umat kagungané piyambak, kang taberi ing panggawé becik.
[15] Iku mau kabèh kandhakna, wong-wong padha pituturana lan welèhna kalawan prabawamu ing sakatogé. Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé.