[1] Wong-wong padha élingna, supaya padha sumuyud marang pamaréntah lan para kang ngasta pangwasa, mbangun-turuta sarta padha cumadhang marang sadhéngah panggawé becik.
[2] Aja padha nyenyamah, aja padha regejegan, nanging padha disumanak lan dialus ing budi marang sadhéngah wong.
[3] Amarga ing mauné urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-napsu rupa-rupa lan kanikmatan kadonyan, urip ing sajroning piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.
[4] Nanging bareng kamirahaning Allah, Pamarta kita, wis kababar, sarta katresnané marang manungsa,
[5] ing waktu iku Panjenengané nylametaké kita, ora marga saka panggawé becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmaté sarana padusan-lair-manèh lan marga kaanyaraké déning Roh Suci,
[6] kang wis kaparingaké marang kita déning Yésus Kristus, Pamarta kita,
[7] supaya kita, kang wis kabeneraké déning sih-rahmaté, padha wenang nampani urip langgeng, cundhuk karo pangarep-arep kita.
[8] Iki tembung kang satuhu lan karepku supaya kowé kanthi yakin luwih ngantepaké, supaya wong-wong kang wis padha pracaya marang Allah, padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawé becik. Iku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.
[9] Nanging singkirana bebantahan kang ora teges, prakara sarasilah, apadéné padudon lan regejegan bab angger-anggering Torèt, amarga kabèh iku ora ana gunané sarta muspra.
[10] Wong kang njalari crah, menawa wis kokpituturi pisan, pindho, iku adohana.
[11] Kowé mangerti, yèn wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awaké dhéwé kalawan dosané.
[12] Sawisé aku kongkonan Artémas utawa Tikhikus mréné nemoni kowé, udinen bisané kowé nemoni aku ana ing Nikopolis, awit wis dakniyati arep manggon ana ing kono sasuwéné mangsa bedhidhing iki.
[13] Zénas ahli Torèt lan Apolos, padha tulungana sacukupé, supaya lakuné aja nganti kekurangan sawiji apa.
[14] Sarta wong-wong kita cikbèn padha sinau nglakoni pagawéan kang migunani, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripé aja nganti tanpa guna.
[15] Wong kabèh kang bebarengan karo aku padha kirim salam. Salamku marang wong-wong kang padha tresna marang aku kabèh sajroning pracaya. Sih-rahmat muga nunggila ing kowé kabèh!