[1] Awit saka iku padha nulada marang Allah, dikaya putra-putra kang kinasihan
[2] lan padha uripa ing katresnan, kayadéné Kristus Yésus uga wis ngasihi kowé kabèh lan masrahaké sarirané kanggo kita minangka pisungsung lan kurban kang arum kagem Allah.
[3] Nanging, kaya kang pantes tumraping para suci, laku-cabul lan sarupané pratingkah rusuh utawa kasrakahan iku aja nganti tinemu ana ing antaramu, sanadyana mung kasebut baé.
[4] Samono uga aja ngucap tetembungan kang kotor, clemang-clemong utawa sembranan -- marga iku kabèh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa pamuji sokur.
[5] Awit padha élinga temenan bab iki: Ora ana sundel, wong kang najis utawa kang srakah, yaiku kang nyembah brahala, olèh panduman ana ing kratoné Kristus lan Allah.
[6] Aja nganti kowé kena disasaraké kanthi tetembungan kang ngayawara, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakaké dedukaning Allah tumrap wong-wong duraka.
[7] Marga saka iku aja nganti kowé kekancan karo wong-wong iku.
[8] Pancèn, biyèn kowé iku pepeteng, nanging saiki kowé iku pepadhang ana ing Gusti. Mulané uripa kaya putra-putraning pepadhang.
[9] Marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan, kaadilan lan kayektèn.
[10] Lan titi-priksanen apa kang dadi keparengé Gusti.
[11] Aja mèlu-mèlu pratingkahé pepeteng kang ora metokaké woh apa-apa. Nanging kosok-baliné welèhna pratingkah-pratingkah iku:
[12] Awit mung ngucapaké baé apa kang katindakaké déning wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wis jeneng saru.
[13] Nanging samubarang kang wis kawiyak déning pepadhang iku dadi katon, awit kabèh kang katon iku pepadhang.
[14] Awit saka iku ana pangucap, <<Meléka, hé kowé kang turu lan tangia saka antarané wong mati, temahan Kristus bakal madhangi kowé.>>
[15] Marga saka iku, padha gatèkna temenan kepriyé mungguhing uripmu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,
[16] lan pigunakna waktu kang isih ana, awit jaman iki ala.
[17] Mulané aja padha bodho, nanging udinen supaya kowé ngreti, apa kang dadi karsané Gusti.
[18] Lan aja nganti kowé mendem anggur, awit anggur iku nggugah hawa-napsu, nanging kapenuhana ing Roh,
[19] lan padha ngucapa tumraping siji lan sijiné nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.
[20] Tansah saosa sokur marang Allah Rama kita tumrap samubarang ing asmané Gusti kita Yésus Kristus.
[21] Diandhap-asor tumraping siji lan sijiné ana ing sajroné wedi-asih marang Kristus.
[22] Para wong wadon, manut mituruta marang somahmu dhéwé kayadéné marang Gusti,
[23] awit kang lanang iku sesirahé kang wadon, kayadéné Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengané kang jumeneng Pamartaning sarirané.
[24] Awit saka iku kayadéné pasamuwan sumuyud marang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumraping sabarang prakara.
[25] Para wong lanang, padha tresnaa marang somahmu kayadéné Kristus anggoné wis ngasihi pasamuwané nganti masrahaké sarirané kanggo pasamuwan iku,
[26] supaya dadi suci, sawusé Panjenengané nucèkaké pasamuwan srana padusan banyu lan pangandika;
[27] kanthi mangkono pasamuwan kapapanaké ana ing ngarsané, éndah tanpa cacad lan ora njengkerut utawa sapepadhané, satemah pasamuwan dadi suci lan tanpa cacad.
[28] Mangkono uga para wong lanang padha kudu tresna marang somahé dhéwé kaya marang awaké dhéwé: Sing sapa tresna marang somahé dhéwé, iku nresnani awaké dhéwé.
[29] Marga ora tau ana wong sengit marang awaké dhéwé, nanging awaké mau malah diopèni lan diupakara, padha kaya Kristus marang pasamuwan,
[30] awit kita iki gegelitaning sarirané.
[31] Marga saka iku wong lanang bakal ninggal bapa lan biyungé lan rumaket marang somahé, temahan sakaroné iku dadi daging siji.
[32] Iki wewadi gedhé, nanging kang dakkarepaké yaiku gegayutané Kristus karo pasamuwan.
[33] Dadi tumraping kowé: Padha tresnaa marang somahmu dhéwé kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.