[1] Mulané, aku kang dadi wong ukuman marga saka Gusti, mituturi kowé, supaya kowé kang wus padha katimbalan iku, uripmu laras karo timbalan mau.
[2] Ditansah andhap-asor, sarèh lan sabar. Padha lairna katresnanmu sarana tulung-tinulung.
[3] Lan ngudia lestariné anggonmu tetunggalan ing Roh sarana tentrem-rahayu kang minangka taliné:
[4] Mung ana badan siji, lan iya Roh siji, kayadéné anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,
[5] mung ana Gusti siji, pracaya siji lan baptis siji,
[6] mung ana Allah siji, Ramané wong kabèh, Allah kang mengku samubarang, lumantar samubarang, lan ana ing samubarang.
[7] Nanging saben gegelitaning panunggalan kita wus kaparingan sih-rahmat undha-usuk manut ukuran peparing kang saka Kristus.
[8] Mulané ana pangandika mangkéné, <<Nalika sumengka dhateng ngaluhur, Panjenenganipun ngasta tiyang-tiyang tawanan, Panjenenganipun paring ganjaran-ganjaran dhateng manungsa.>>
[9] Déné, <<Panjenengané wis sumengka>> iku rak ateges menawa Panjenengané iya wis tumedhak menyang péranganing bumi kang ngisor dhéwé?
[10] Panjenengané kang wis tumedhak, iya Panjenengané kang wis sumengka ngungkuli sakèhing langit, supaya menuhi samubarang.
[11] Lan iya Panjenengané kang maringi para rasul, para nabi, para juru-warta Injil, mangkono uga para pangon lan para pamulang,
[12] supaya padha nyamektakaké para suci anggoné nindakaké ayahan leladi, minangka pambanguning sarirané Kristus,
[13] nganti kita kabèh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataraning tumuwuh kang laras karo kasampurnaning Kristus,
[14] temahan kita ora dadi bocah manèh, kang diontang-antingaké déning sarupaning anginé piwulang, déning pratingkah nasar lan culikané manungsa kang mblasukaké,
[15] nanging kalawan tatag ngandhemi kayektèn sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener marang Kristus kang jumeneng sesirah.
[16] Iya marga Panjenengané iku badan sakojur -- kang tumata runtut lan tinalènan dadi siji déning paladosaning pérangané kabèh, cocog karo boboting pakaryané saben pérangan iku -- kepareng tumuwuh sarta mbangun dhiri ana ing sajroning katresnan.
[17] Mula iki dakkandhakaké lan daktandhesaké marang kowé ana ing patunggilané Gusti: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Allah manèh, kang pangangen-angené tanpa guna
[18] lan kang peteng pikirané, adoh saka urip kang asalé saka Allah, marga saka bodhoné lan marga saka wangkoting atiné.
[19] Pangrasané wis kethul, temahan padha masrahaké awaké marang hawa-napsu lan kanthi srakah nglakoni sakèhing panggawé kang rusuh.
[20] Nanging ora kanthi patrap kang mangkono iku anggonmu padha sinau bab Kristus.
[21] Awit kowé wis krungu bab Panjenengané lan nampani piwulang ana ing Panjenengané manut kayektèn kang kawedhar ana ing Yésus,
[22] yaiku menawa kowé, ing bab lakumu kang biyèn, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anané hawa-napsu kang nasaraké,
[23] supaya kowé padha dianyaraké ing roh lan pikiranmu,
[24] lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wis tinitahaké manut karo karsaning Allah ing kayektèn lan kasucèn kang satuhu.
[25] Awit saka iku aja padha goroh lan ngucapa kang bener marang para Sadulur siji lan sijiné, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.
[26] Menawa kowé nepsu aja nganti gawé dosa: Nepsumu kudu wus ilang, sadurungé srengéngé angslup,
[27] lan aja awèh papan marang Iblis.
[28] Wong kang gawéné nyolong, aja nyolong manèh, nanging becik nyambuta-gawé kanthi mempeng lan nglakoni pagawéan kang becik nganggo tangané dhéwé, supaya bisa mbiyantu wong kang kekurangan.
[29] Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing cangkemmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, supaya kang krungu olèh sih-rahmat, cocog karo kabutuhané.
[30] Lan kowé aja gawé sekelé Rohing Allah kang suci, kang wus mratandhani kowé ndungkap dinaning panebusan.
[31] Sadhéngahing rasa serik, ngigit-igit, brangasan, tukar-padu lan pitenah buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhéngahing piala.
[32] Nanging kowé, siji lan sijiné dipadha sumanak, kebak ing sih-katresnan lan apura-ingapuraa kayadéné Allah ana ing Kristus iya wus ngapura marang kowé kabèh.