Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:13

[1] Iya iku sababé aku iki, Paulus, dikunjara marga saka Kristus Yésus kanggo kowé wong-wong kang dudu Yahudi,

[2] Kowé rak wis padha krungu bab ayahaning sih-rahamaté Allah, kang kapitayakaké marang aku marga saka kowé kabèh,

[3] yaiku anggonku wis kasumurupaké bab wewadi iku srana wahyu, kaya kang wis daktulis ing dhuwur kanthi ringkes.

[4] Yèn kokwaca, kowé bisa nyumurupi pangertènku bab wewadiné Kristus,

[5] kang ing biyèn-biyèné ora kawartakaké marang anak-anaké manungsa, nanging kang saiki kawedharaké sajroning Roh marang rasul-rasul lan nabi-nabiné Gusti kang suci,

[6] yaiku menawa wong-wong dudu Yahudi, marga saka Injil mèlu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta mèlu duwé panduman ana ing prasetyan kang kaparingaké ana ing Kristus Yésus.

[7] Krana Injil iku aku wus dadi abdiné miturut ganjaraning sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang aku cocog karo makaryaning pangwaosé.

[8] Aku, wong kang asor dhéwé ing antarané para suci kabèh, wis kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakaké marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihané Kristus, kang ora kena kinira-kira iku,

[9] sarta kanggo nerangaké marang wong kabèh apa isiné ayahaning wewadi kang wis atusan taun kineker ing Allah, kang nitahaké samubarang,

[10] supaya saiki sawarnaning kawicaksanané Allah disumurupaké marang para pamaréntah lan para pangwasa ing swarga lantaran pasamuwan,

[11] laras karo karsané kang langgeng, kang wus katindakaké ana ing Kristus Yésus, Gusti kita.

[12] Ana ing Panjenengané kita olèh kakendelan lan dalan kang anjog ing ngarsané Allah kalawan kebak ing pangandel marga saka pracaya kita marang Panjenengané.

[13] Mulané panjalukku marang kowé kabèh, aja nganti padha semplah nyawang marang kasangsaranku marga saka kowé, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.

[14] Iya iku mulané aku sujud ana ing ngarsané Sang Rama,

[15] kang saka Panjenengané sakèhing trah kang ana ing swarga lan ing bumi padha kaparingan jeneng.

[16] Aku ndedonga supaya Panjenengané, saka gunging kamulyané nyantosakaké kowé srana pangwasa lantaran Rohé ing batinmu,

[17] temahan marga saka pracayamu, Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowé padha ngoyoda lan tetalesa ing katresnan.

[18] Aku ndedonga, supaya kowé karo sakèhing para suci bisa nyumurupi sapira ambané lan dawané sarta dhuwuré lan jeroné sihé Kristus

[19] sarta bisa ngawruhi marang sihé kang ngungkuli sakèhing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya kowé padha kapenuhan kasampurnaning Allah.

[20] Kagem Panjenengané, kang kwaos nindakaké luwih akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir, kaya kang kacetha ana ing daya-kakuwatan kang makarya ana ing kita,

[21] iya Panjenengané iku kang sayogya kasaosan kamulyan turun-tumurun nganti salawas-lawasé ana ing pasamuwan lan ana ing Kristus Yésus. Amin.

Éfesus — Chapters