Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:52

[1] Kowé biyèn padha mati marga saka sakèhing panerak lan dosa-dosamu.

[2] Kowé biyèn padha dumunung ana ing kono, awit kowé manut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang pamaréntahé pangwasaning akasa, yaiku roh kang saiki lagi nandukaké dayané ana ing satengahé para wong duraka.

[3] Satemené biyèn aku kabèh uga padha klebu ing antarané wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-napsuning daging lan nuruti pakaremané daging lan pangangen-angenku kang ala. Samesthiné aku padha kaparingan deduka, kayadéné wong-wong liyané.

[4] Nanging Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhéning katresnan kang kalubèraké marang kita,

[5] wis nguripaké kita bareng karo Kristus, sanadyan kita wis padha mati awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowé padha kapitulungan rahayu --

[6] lan ana ing Kristus kita padha ditangèkaké lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengané ana ing swarga,

[7] supaya ing jaman kang bakal kelakon Panjenengané ngatingalaké marang kita anggèné sugih sih-rahmat kang lubèr-lubèr cocog karo kasaénané marang kita ana ing Kristus Yésus.

[8] Sabab anggonmu padha kaslametaké iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparingé Allah,

[9] iku dudu wohing panggawému; supaya aja ana wong kang gumunggung.

[10] Marga kita iki titahé Allah, katitahaké ana ing Kristus Yésus, supaya padha nglakoni panggawé becik kang kacawisaké Allah sadurungé. Panjenengané ngarsakaké supaya kita padha urip kaya mangkono.

[11] Mulané ngélingana, menawa biyèn kowé -- wong-wong kang cara kajasmanèn dudu wong Yahudi, kang sinebut wong-wong kang ora tetak déning wong-wong kang ngarani awaké dhéwé <<tetak>>, yaiku tetak tata-lair srana tanganing manungsa. --

[12] Nalika samana kowé tanpa Kristus, ora klebu warga Israèl lan ora olèh panduman tumrap prasetya kang kaprasetyakaké, tanpa pangarep-arep lan tanpa Allah ana ing donya.

[13] Nanging saiki kowé ana ing Kristus Yésus, kowé kang nalika samana <<adoh>>, saiki wus dadi <<cedhak>> marga saka rahé Kristus.

[14] Marga iya Panjenengané iku tentrem-rahayu kita, kang wus nunggilaké sakaroné dadi siji lan kang wus ngrubuhaké tembok singgetan, yaiku sesatron,

[15] awit Panjenengané sarana sédané cara manungsa, wus mbatalaké angger-anggering Torèt dalasan sakèhing pepakon lan katamtuané, supaya sakaroné dadi manungsa anyar siji ana ing Panjenengané, lan kalawan mangkono iku banjur njalari anané tentrem-rahayu,

[16] lan kanggo ngrukunaké sakaroné ana ing badan siji, karo Allah srana salib, kanthi ngilangaké sesatron ana ing salib iku.

[17] Panjenengané rawuh lan martakaké tentrem-rahayu marang kowé kabèh kang <<adoh>> lan tentrem-rahayu marang wong-wong kang <<cedhak>>,

[18] awit iya marga saka Panjenengané iku kita sakaroné ana ing Roh siji padha olèh dalan marang ngarsané Sang Rama.

[19] Marga saka iku, kowé dudu wong manca lan wong neneka manèh, nanging wus nunggal dadi sagolongan karo para suci lan nunggal dadi brayating Allah,

[20] kang kabangun kanthi dhasar para rasul lan para nabi, kalawan Kristus Yésus kang minangka watu pojokan.

[21] Ana ing Panjenengané sawetahing bangunan iku tuwuh, tinata kanthi becik dadi Padalemaning Allah kang Suci, ana ing sajroné Gusti.

[22] Ana ing Panjenengané iku kowé uga padha mèlu kabangun dadi Padalemaning Allah, ana ing sajroné Roh.

Éfesus — Chapters