Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 13:27

[1] Imam Agung tumuli ngandika, <<Apa iya bener mangkono?>>

[2] Wangsulané Stéfanus, <<Para Sadhèrèk saha para bapa, sumangga sami karsa midhangetaken. Allah ingkang Mahamulya sampun ngatingal dhateng leluhur kita Abraham nalika taksih wonten ing Mésopotamia, sadèrèngipun dedalem wonten ing Haran,

[3] saha ngandikani makaten: Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak-sadulurira sarta menyanga ing tanah kang bakal suntedahaké marang sira.

[4] Panjenenganipun lajeng jengkar saking tanahipun tiyang Kasdim, saha dedalem wonten ing Haran. Sasédanipun ingkang rama, lajeng kadhawuhan déning Allah pindhah saking ngriku dhateng tanah ngriki, ingkang sami panjenengan dalemi sapunika.

[5] Wonten ing ngriku Allah mboten maringi warisan dhateng panjenenganipun, siti sapecak kémawon mboten, nanging paring prajanji, badhé maringaken tanah punika dados kagunganipun turun-tumurun, sanadyan kala samanten dèrèng peputra.

[6] Saha Allah nunten ngandika, bilih tedhak-turunipun badhé dados tiyang neneka wonten ing nagari manca punapa malih badhé kadadosaken budhak sarta dipun aniaya laminipun kawan atus taun.

[7] Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku - makaten pangandikanipun Allah -- bakal sunukum, lan sawusé iku, bakal padha metu saka kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kéné.

[8] Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenenganipun, sarta makaten anggènipun Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Déné Iskak nurunaken Yakub, tuwin Yakub nurunaken bapa-leluhur kita taler kalih welas.

[9] Margi saking drengkinipun, para bapa-leluhur kita wau lajeng nyadé Yusuf dhateng tanah Mesir, nanging Allah nunggil kaliyan panjenenganipun,

[10] sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Firaun, raja ing Mesir, lajeng kawisudha déning Firaun dados tiyang ingkang ngasta pangwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kedhatonipun sadaya.

[11] Ing saindenging tanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajeng kadhatengan paceklik saha kasisahan ageng, ngantos leluhur kita mboten saged angsal tedha.

[12] Nanging sareng Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan.

[13] Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Yusuf walèh dhateng para sadhèrèkipun, satemah asal-usulipun Yusuf lajeng kauningan déning Firaun.

[14] Yusuf lajeng utusan mapag Yakub, ramanipun, saha sadaya sanak-sadhèrèkipun, cacah-jiwa wonten pitung dasa gangsal.

[15] Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana séda wonten ing ngrika dalah para leluhur kita.

[16] Layonipun sami kabekta dhateng Sikhèm, kasarèkaken wonten ing pasaréan, ingkang sampun dipun pundhut déning Abraham sarana arta pérak saking para putranipun Hémor ing Sikhèm.

[17] Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken déning Allah dhateng Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,

[18] ngantos wonten raja sanès ingkang ngasta pepréntahan ing tanah Mesir, ingkang mboten ngretos bab Yusuf.

[19] Raja punika nindakaken paékan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados sami pejah.

[20] Kala samanten punika Musa miyos; panjenenganipun saé ing ngarsanipun Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.

[21] Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu déning putra putrinipun Firaun, ingkang nggulawenthah kados putranipun piyambak.

[22] Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kawibawan ing wicara saha pandamel.

[23] Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhé nuwèni para kadangipun inggih punika tiyang Israèl.

[24] Nalika punika panjenenganipun pirsa tiyang dipun aniaya déning tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun bélani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.

[25] Pangintenipun, para kadangipun badhé mangertos, bilih panjenenganipun dipun agem déning Allah ngluwari para kadangipun wau sadaya, nanging sami mboten mangertos.

[26] Énjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israèl kalih ingkang saweg kerengan, tumunten mbudidaya badhé ngrukunaken, pangandikanipun: Para Sadulur, kowé iku rak padha sadulur? Yagéné kok padha siya-siniya?

[27] Nanging tiyang ingkang nganiaya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Musa, aturipun:

[28] Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha hakim kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhé mejahi kula, kadosdéné anggèn panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi punika?

[29] Sareng midhanget atur makaten punika, Musa lajeng ngungsi saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.

[30] Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten malaékat ingkang ngatingal dhateng panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing latu murub ing grumbul eri.

[31] Musa gumun mirsani tetingalan punika, saha sareng nyelak badhé niti-priksa, nunten midhanget swantening Pangéran makaten:

[32] Ingsun iki Allahé leluhurira, Allahé Abraham, Ishak lan Yakub. Musa satemah gumeter saha ajrih mirsani.

[33] Lajeng dipun ngandikani déning Pangéran: Copoten trumpahé sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku lemah kang suci.

[34] Ingsun wis nggatosaké kalawan temenan marang kasangsaraning umatingsun kang ana ing tanah Mesir, sarta wis miyarsakaké pasambaté, tuwin Ingsun wis tumedhak bakal ngluwari; mulané mrénéa, sira bakal sunutus menyang tanah Mesir.

[35] Musa ingkang sampun dipun tampik déning tiyang-tiyang wau sarana pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha hakim? -- inggih Musa punika ingkang kautus déning Allah dados pangageng sarta juru pangluwar, lumantar malaékat, ingkang sampun ngatingal dhateng panjenenganipun wonten ing grumbul eri.

[36] Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.

[37] Inggih Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israèl: Allah bakal ngangkat nabi kaya aku iki kanggo kowé saka ing antarané para sadulurmu.

[38] Inggih Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan ing ara-ara samun, ing antawisipun malaékat ingkang medharaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten redi Sinai kaliyan leluhur kita; saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng kula lan panjenengan sadaya.

[39] Nanging leluhur kita mboten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kepéngin wangsul dhateng tanah Mesir.

[40] Dhateng Harun aturipun tetiyang punika makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken sesembahan sawatawis, ingkang badhé ngirid lampah kula, amargi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking tanah Mesir -- kula sami mboten sumerep kadospundi kawontenanipun.

[41] Kala samanten lajeng sami damel reca pedhèt, sarta brahala punika nunten dipun sajèni, saha lajeng sami sukan-sukan tumrap punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

[42] Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau, sami dipun uja anggènipun sami nyembah dhateng wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaserat wonten ing kitabipun para nabi makaten: Apa sira tau nyaosaké kurban sembeléhan lan pisungsung marang Ingsun, sajroné patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, hé turuné Israèl?

[43] Ora tau, malah sira padha ngusung kémahé Molokh lan lintangé déwamu Réfan, reca-reca kang padha sira gawé sarta sira dadèkaké sesembahan. Mulané sira bakal sunbuwang nganti tekan ing sabranging tanah Babél.

[44] Kémahing Paseksi wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Allah dhateng Musa, miturut conto ingkang sampun dipun tingali.

[45] Kémah wau tinampèn déning leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng tanah punika kalayan katuntun déning Yosua, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanès, ingkang katundhung déning Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Daud.

[46] Daud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Allah saha nyuwun, supados dipun parengna mbangun padaleman kagem Allahipun Yakub.

[47] Nanging Salomo ingkang yasa padaleman kagem Allah.

[48] Namung kémawon Ingkang Mahaluhur mboten dedalem ing yasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken déning nabi makaten:

[49] Langit iku dhamparingsun, sarta bumi iku ancik-anciking sampéyaningsun. Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun? Mangkono pangandikaning Pangéran, papan apa kang bakal dadi panggonan palerebaningsun?

[50] Apa dudu astaningsun piyambak kang yasa samubarang iki kabèh?

[51] Hé, tiyang ingkang sami ndableg, wangkot ing manah, sarta mbudheg, sampéyan tansah sami nglawan Roh Suci, sami kados leluhur sampéyan, inggih makaten ugi sampéyan sadaya.

[52] Nabi-nabi pundi ingkang mboten dipun aniaya déning leluhur sampéyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Kayektèn, ingkang sapunika sampun sampéyan cidrani lan sampéyan sédani.

[53] Sampéyan sampun sami tampi angger-anggering Torèt, ingkang dipun paringaken lumantar para malaékat, nanging sami mboten sampéyan tetepi.>>

[54] Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabèh, padha rumaos katuwek panggalihé sarta dadi padha kerot-kerot, gregeten marang Stéfanus.

[55] Nanging Stéfanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga ing langit, banjur pirsa kamulyaning Allah lan Yésus jumeneng ing tengening Allah.

[56] Nuli ngandika, <<Sanyata, aku weruh langit menga lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengené Allah.>>

[57] Wong-wong nuli pada bengok-bengok ngebyuk marang Stéfanus kambi nutupi kupingé.

[58] Banjur diglandhang menyang sanjabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepé wong anom kang jenengé Saulus.

[59] Stéfanus sajroné dibenturi watu mau, ndedonga unjuké, <<Dhuh Gusti Yésus, mugi karsa nampèni roh kawula.>>

[60] Kalawan jèngkèng nuli nywanten sora, <<Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.>> Sawusé munjuk mangkono iku banjur séda.

Lelakoné Para Rasul — Chapters