Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:01

[1] Para rasul lan sadulur-sadulur tunggal pracaya ing Yudéa padha krungu, menawa bangsa-bangsa liya uga nampani pangandikaning Allah.

[2] Bareng Pétrus rawuh ing Yérusalèm wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengané,

[3] pangucapé, <<Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang mboten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.>>

[4] Nanging Pétrus banjur nerangaké samubarang kabèh kanthi runtut, pangandikané,

[5] <<Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yopé, dumadakan roh kula kalimputan ing pangwaosipun Allah, kula lajeng sumerep tetingalan: wonten barang ingkang wujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sekawan kaedhakaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula.

[6] Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kéwan wonten ing lebetipun, kéwan suku sekawan, kéwan wanan, kéwan rumangkang saha peksi-peksi.

[7] Kula lajeng mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, Pétrus, nyembelèha lan mangana!

[8] Nanging kula matur, <Mboten, Gusti, amargi dèrèng naté wonten barang ingkang karam utawi ingkang mboten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.>

[9] Éwadéné swanten saking swarga wau lajeng ngandika dhateng kula ingkang kaping kalihipun, <Apa kang kapangandikakaké déning Allah, menawa iku halal, aja kokarani haram!>

[10] Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadaya wau nunten kaangkat malih dhateng langit.

[11] Sanalika punika wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula sipengi; tiyang-tiyang wau utusan saking Kaisaréa murugi kula.

[12] Kula nunten dipun ngandikani déning Roh, <Mangkata bebarengan karo wong-wong iku lan aja mangu-mangu!> Sadhèrèk enem punika tumut. Sareng kula lumebet ing griyanipun tiyang wau,

[13] tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya, anggènipun sumerep malaékat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun, <Kongkonana wong menyang Yopé methuk Simon kang peparab Pétrus.

[14] Iku bakal awèh pawarta marang kowé, kang bakal nekakaké karahayon tumrap kowé dalah sabrayatmu kabèh.>

[15] Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan Roh Suci, sami kadosdéné kita kala rumiyin.

[16] Kula nunten kèngetan dhateng pangandikaning Gusti, <Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabèh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.>

[17] Dados manawi Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdéné dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yésus Kristus, kadospundi anggèn kula saged nulak karsanipun Allah?>>

[18] Bareng krungu kang mangkono iku, pasamuwan banjur bisa nampa sarta padha ngluhuraké Allah, pangucapé, <<Dadiné Allah uga paring pitobat marang bangsa-bangsa liya, kang nuntun marang urip.>>

[19] Kacarita marga saka panganiaya kang kelakon sawusé Stéfanus kaukum pati, akèh sadulur tunggal pracaya padha buyar nganti tekan Fénisia, Siprus lan Antiokhia, déné anggoné martakaké Injil mung marang wong Yahudi.

[20] Nanging ana sawatara panunggalané wong Siprus lan wong Kiréné, kang teka ing Antiokhia lan banjur wawan-rembug karo wong-wong kang nggunakaké basa Yunani sarta martakaké Gusti Yésus.

[21] Astané Gusti nunggil karo wong-wong mau, satemah akèh kang padha dadi pracaya sarta mratobat marang Panjenengané.

[22] Pawarta bab wong-wong mau keprungu déning pasamuwan ing Yérusalèm; Barnabas banjur kautus déning pasamuwan menyang Antiokhia.

[23] Bareng wis rawuh ing kono lan pirsa sih-rahmating Allah, Barnabas bingah. Sarta paring pitutur marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,

[24] awit Barnabas iku saé penggalihé, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Temahan ana wong akèh kang padha kawuwuhaké ing pasamuwané Gusti.

[25] Barnabas banjur tindak menyang Tarsus madosi Saulus. Bareng wus pinanggih tumuli diajak menyang Antiokhia,

[26] sarta padha tetunggilan karo pasamuwan nganti sataun lawasé, sinambi memulang marang wong akèh. Ana ing Antiokhia kono para murid wiwit padha kasebut Kristen.

[27] Nalika samana ana nabi sawatara kang rawuh ing Antiokhia saka Yérusalèm.

[28] Ana siji kang asmané Agabus, jumeneng sarta marga saka kwaosing Roh ngandika, yèn ing saindenging jagat bakal katekan paceklik gedhé, kang iya kelakon nalika jamané Klaudius.

[29] Para murid banjur padha mutus arep nglumpukaké sumbangan miturut kekuwatané dhéwé-dhéwé, bakal dikirimaké marang para sadulur tunggal pracaya ing Yudéa.

[30] Iku iya kelakon lan banjur dikirimaké marang para pinituwa lumantar Barnabas lan Saulus.

Lelakoné Para Rasul — Chapters