Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 10:15

[1] Sawusé pepisahan karo wong-wong mau, aku banjur padha budhal terus ngener menyang Kos. Ésuké tekan Rodos lan saka kono aku nuli padha menyang Patara.

[2] Ana ing kono olèh kapal, kang bakal menyang Fénisia. Aku padha nunggang kapal iku, nuli mangkat.

[3] Sawisé mangkono ing sisih kiwa katon Siprus, nanging mung padha dakliwati baé sarta banjur terus lelayaran menyang Siria. Wasana tekan ing Tirus, jalaran momotaning kapal dibongkar ana ing kono.

[4] Aku padha nemoni para murid sarta nginep ana ing kono pitung dina. Marga kawisik déning Roh, para murid mau padha nyaosi pamrayoga marang Paulus, supaya aja tindak menyang Yérusalèm.

[5] Nanging bareng wis kliwat waktuné, aku banjur padha mangkat nerusaké laku. Para murid saanak-bojoné padha nguntapaké aku kabèh nganti tekan ing njaban kutha; ana ing pesisir aku padha jèngkèng ndedonga.

[6] Sawisé pamitan aku padha munggah ing kapal, déné wong-wong mau kabèh padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

[7] Saka Tirus aku padha menyang Ptolemais, nuli padha mentas mungkasi anggonku padha lelayaran. Aku banjur padha salaman karo para sadulur tunggal pracaya sarta nginep sadina ana ing panggonané wong-wong mau.

[8] Ésuké aku padha mangkat saka kono lan banjur tekan Kaisaréa, njujug ing dalemé Filipus, juru-warta Injil, yaiku panunggalané wong pitu, kang kapilih ana ing Yérusalèm. Aku padha nginep ana ing kono.

[9] Filipus iku kagungan putra èstri papat, isih prawan, kang padha ginanjar bisa medhar wangsit.

[10] Sawusé lereb sawatara dina ana ing kono, ana nabi kang rawuh saka Yudéa, asmané Agabus.

[11] Panjenengané manggihi aku kabèh, banjur mundhut paningseté Paulus, diagem nangsuli sampéyané lan astané piyambak kalawan ngandika, <<Pangandikané Roh Suci, mangkéné: Kang duwé sabuk iki bakal kabanda mangkéné iki déning wong-wong Yahudi ing Yérusalèm sarta bakal kapasrahaké marang tangané bangsa-bangsa liya.>>

[12] Krungu kang mangkono iku, aku kabèh dalasan para murid ing panggonan kono banjur padha matur marang Paulus, supaya aja tindak menyang Yérusalèm.

[13] Nanging Paulus maringi wangsulan mangkéné, <<Yagéné kowé padha nangis lan gawé trenyuhing atiku? Amarga aku wus rila, ora ngemungaké dibanda baé, malah sanadyan nganti dipatèni pisan ana ing Yérusalèm marga saka asmané Yésus.>>

[14] Sarèhné ora karsa ndhahar aturku kabèh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap, <<Karsané Pangéran muga kalampahan!>>

[15] Bareng wis sawatara dina ana ing kutha Kaisaréa, aku nuli padha tata-tata banjur mangkat menyang Yérusalèm.

[16] Para murid ing Kaisaréa iya ana sawatara kang padha mèlu ngeteraké aku kabèh menyang omahé Manason, kang bakal padha dakpondhoki. Wong iku saka Siprus, kang wis suwé anggoné dadi murid.

[17] Nalika aku padha tekan Yérusalèm, sadulur tunggal pracaya kabèh padha nampa aku kalawan bungahing ati.

[18] Ésuké Paulus tindak bebarengan karo aku kabèh menyang dalemé Yakobus; para pinituwa kabèh wus padha ana ing kono.

[19] Sawusé salaman, Paulus banjur nyariosaké kanthi rinci apa kang wis katindakaké déning Allah ana ing antarané bangsa-bangsa liya sarana paladosané.

[20] Krungu kang mangkono iku, kabèh padha ngluhuraké Allah. Banjur padha matur marang Paulus, <<Sadhèrèk, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi éwon cacahipun ingkang sampun sami pitados saha sami sregep anggènipun netepi angger-angger.

[21] Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng tiyang Yahudi sadaya, ingkang sami manggèn ing satengahing bangsa-bangsa sanès, supados sami nilar angger-anggeripun Musa, sami panjenengan awisi sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita.

[22] Mila lajeng kadospundi sapunika? Tetiyang punika tamtu sami badhé mireng bilih panjenengan sampun rawuh mriki.

[23] Awit saking punika, sumangga kula aturi nindakaken ingkang kula aturaken punika: Ing antawis kita wonten tiyang sekawan ingkang sami gadhah nadar.

[24] Panjenengan kula aturi ngajak tetiyang wau sesarengan nindakaken tata-cara sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhé saged sumerep, bilih pawartos sadaya bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika mboten nyata babar pisan, saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Torèt.

[25] Wondéné bangsa-bangsa sanès, ingkang sampun sami pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan sesajèning brahala, rah, daginging kéwan ingkang pejah karana mboten kasembelèh, punapa déné lampah jina.>>

[26] Ing dina candhaké Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawusé sesuci bebarengan, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci. Ing kono Paulus mratélakaké, kapan pundhaté dina pasucèn iku, yaiku samangsa kurban tumrapé wong-wong mau kacaosaké.

[27] Nalika ngarepaké pundhaté pitung dinané, wong-wong Yahudi kang teka saka Asia padha weruh Paulus ana ing Padaleman Suci, banjur ngojok-ojoki rakyat lan nangkep panjenengané,

[28] karo nywara sora, <<Hé, wong-wong Israèl, tulung! Iki wongé kang ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Torèt sarta panggonan iki! Lan saikiné malah ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci sarta najisaké panggonan suci iki!>>

[29] Amarga sadurungé padha sumurup Trofimus wong Éfesus bebarengan karo Paulus ana ing kutha lan ngira, yèn diajak Paulus lumebu ing Padaleman Suci.

[30] Wong sakutha kabèh padha ribut, wong akèh padha teka kumrubut lan banjur nangkep Paulus, disèrèt metu saka Padaleman Suci sarta sanalika iku uga lawanging Padaleman Suci padha ditutup.

[31] Nalika wong-wong mau padha ngrancang arep nyédani panjenengané, panggedhéning wadya-bala mireng kabar, yèn wong sakutha Yérusalèm padha ribut.

[32] Wong iku banjur ngajak wadya-balané dalasan opsir-opsiré marani wong akèh mau. Bareng wong-wong padha nyumurupi rawuhing panggedhé sawadya-balané iku, banjur lèrèn anggoné nggebugi Paulus.

[33] Panggedhé mau nyelaki Paulus, banjur nangkep sarta mbanda nganggo ranté rangkep loro, tuwin ndangu sapa panjenengané iku lan apa kang ditindakaké.

[34] Nanging wong akèh iku ana kang nywara sora mangkéné, ana kang mangkono. Marga saka ributé wong, panggedhé mau ora bisa ngretos apa kang sabeneré kelakon, mulané banjur dhawuh nggawa Paulus menyang bètèng.

[35] Bareng tekan undhak-undhakan, Paulus kapeksa digotong déning para prajurit, marga saka akèhé wong kang ngebyuk sek-sekan.

[36] Rakyat kabèh gumrudug nututi karo nywara-sora, <<Kasingkirna tiyang punika!>>

[37] Nalika Paulus arep digawa lumebu menyang bètèng, panjenengané matur marang panggedhéning prajurit mau, <<Punapa kula kepareng matur dhateng panjenengan?>> Paring wangsulané, <<Kowé kok bisa basa Yunani!

[38] Dadi kowé iku dudu wong Mesir, kang durung suwé iki nuwuhaké pambrontakan lan mimpin para wong kang gawé rerusuh lan nggawa gegaman patang èwu cacahé, menyang ara-ara-samun?>>

[39] Atur wangsulané Paulus, <<Kula punika tiyang Yahudi, saking Tarsus, warga kitha ingkang misuwur ing Kilikia. Kula nyuwun kalilana wicanten dhateng tiyang kathah punika.>>

[40] Bareng Paulus wis dililani déning panggedhéning prajurit iku, banjur jumeneng ana ing undhak-undhakan, tumuli kumlawé astané murih tenangé wong akèh mau. Bareng wis padha tenang, panjenengané banjur ngandika nganggo basa Ibrani mangkéné:

Lelakoné Para Rasul — Chapters