Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 9:29

[1] Paulus banjur mandeng para warganing Pradata Agama sarta matur, <<Para Sadhèrèk, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsanipun Allah.>>

[2] Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Paulus, supaya napuk tutuké Paulus.

[3] Paulus nuli mangsuli, aturé, <<Allah badhé napuk panjenengan, hé, témbok ingkang kalabur pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhé ngadili kula miturut angger-anggering Torèt, nanging panjenengan piyambak nerak angger-anggering Torèt, jalaran dhawuh napuk kula.>>

[4] Wong-wong kang padha ana ing kono ngucap, <<Kowé iku nyenyamah marang Imam Agungé Allah!>>

[5] Paring wangsulané Paulus, <<O, para Sadhèrèk, kula mboten mangertos bilih panjenenganipun punika Imam Agung. Pancèn wonten seratan makaten: Sira aja ngucapaké tembung ala marang panggedhéning bangsamu!>>

[6] Sarèhné panjenengané pirsa, yèn ing antarané Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulané banjur nywanten sora ana ing ngarsaning Pradata Agama, <<Para Sadhèrèk, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ngarsanipun Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.>>

[7] Bareng panjenengané ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha padu satemah wong akèh banjur pecah dadi rong golongan.

[8] Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yèn patangèn iku ora ana lan iya ora ana malaékat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-loroné.

[9] Mulané banjur dadi ribut banget. Ana ahli Torèt sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta mbantah kalawan keras ujaré, <<Tumrap kula, tiyang punika mboten gadhah kalepatan! Mbokmanawi wonten roh utawi malaékat ingkang sampun ngandikani piyambakipun.>>

[10] Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhéning prajurit kuwatir, menawa Paulus nganti dipothèng-pothèng déning wong-wong mau, mulané nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mudhun ngrebut Paulus saka satengahing wong akèh lan digawa menyang bètèng.

[11] Benginé Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhingé lan ngandika marang panjenengané, <<Sing teteg atinira, sabab kayadéné anggonira kalawan kendel neksèni Ingsun ana ing Yérusalèm, mangkono uga sira iya prelu neksèni ana ing Roma.>>

[12] Bareng wus raina wong-wong Yahudi nganakaké komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awaké dhéwé, ora bakal mangan utawa ngombé sadurungé nyédani Paulus.

[13] Komplotan iku gunggungé patang puluh luwih.

[14] Wong-wong mau padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi lan pratéla, <<Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, mboten badhé nedha utawi ngombé sadèrèngipun mejahi Paulus.

[15] Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhé mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti. Déné kula sadaya mangké sampun sami mirantos badhé mejahi piyambakipun sadèrèngipun dumugi ing ngarsa panjenengan.>>

[16] Nanging keponakané Paulus, yaiku putrané sadhèrèké putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang bètèng. Bareng wus diparengaké mlebu, nuli matur bab mau marang Paulus.

[17] Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur, <<Nèm-nèman punika kula aturi nyowanaken dhateng ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.>>

[18] Opsir iku banjur nyowanaké wong anom iku menyang ngarsané panggedhéning prajurit lan matur, <<Kula dipun undang Paulus, tahanan punika, dipun tedhani tulung supados nyowanaken laré anèm punika dhateng ngarsa panjenengan, awit wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhateng panjenengan.>>

[19] Panggedhéning prajurit mau banjur nganthi wong anom mau diajak miyambak, nuli didangu, <<Apa kang arep koklapuraké marang aku?>>

[20] Wangsulané, <<Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhé nyuwun dhateng panjenengan, supados bénjing-énjing panjenengan ngladosaken Paulus malih dhateng ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kepéngin angsal katrangan ingkang langkung tliti saking piyambakipun.

[21] Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang sampun mirantos badhé nyegat. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badanipun piyambak mboten badhé nedha saha ngombé sadèrèngipun mejahi Paulus. Sapunika sampun sami siyaga, kantun ngentosi putusan panjenengan.>>

[22] Panggedhéné prajurit banjur dhawuh marang wong anom mau supaya mulih kalawan dingandikani mangkéné, <<Kowé aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yèn kowé wus nglapuraké bab iki marang aku.>>

[23] Sawisé mangkono panggedhéné prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkéné, <<Siyagakna prajurit rong atus kang bakal menyang Kaisaréa karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang sikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.

[24] Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, lan supaya koksowanaké ing ngarsané Gubernur Féliks.>>

[25] Panggedhéné prajurit mau nuli damel serat, surasané mangkéné:

[26] <<Salam kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Gubernur Féliks ingkang minulya.

[27] Tiyang punika dipun tangkep déning tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhé dipun pejahi, kula lajeng dhateng kalayan mbekta wadya-bala prelu menggak saha ngluwari piyambakipun, awit kula mireng, bilih tiyang punika warganagari Roma.

[28] Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun.

[29] Tumrap kula lajeng sampun cetha, bilih pandakwanipun punika gegayutan kaliyan angger-anggering Torètipun tiyang-tiyang wau, namung kémawon mboten wonten pandakwa ingkang njalari kénging paukuman pejah utawi kedah kalebetaken ing pakunjaran.

[30] Salajengipun kula tampi palapuran, bilih wonten komplotan ingkang badhé mejahi tiyang wau. Awit saking punika kula lajeng énggal-énggal kèngkènan nyowanaken dhateng ngarsa panjenengan. Wondéné para ingkang sami ndakwa sampun sami kula kèn, supados sami ngajengaken prakawis punika dhateng panjenengan.>>

[31] Para prajurit banjur padha nindakaké kaya kang kadhawuhaké. Ing bengi iku uga, Paulus digawa menyang Antipatris.

[32] Ésuké para prajurit jaranan padha dikon mbacutaké lakuné karo Paulus, déné liyané padha bali menyang bètèng.

[33] Satekané ing Kaisaréa, para prajurit jaranan ngaturaké layangé lan masrahaké Paulus marang Gubernur.

[34] Bareng wus maos layang mau, Gubernur nuli ndangu marang Paulus, asalé saka propinsi ngendi. Bareng mireng, yèn Paulus saka Kilikia,

[35] banjur ngandika, <<Aku bakal mriksa prakaramu, yèn wong kang padha ndakwa marang kowé wus teka ing kéné.>> Banjur dhawuh, supaya Paulus ditahan ana ing kratoné Hérodès.

Lelakoné Para Rasul — Chapters