[1] Déné bab leladi marang para suci ora prelu aku nulis manèh marang kowé.
[2] Sabab aku wis sumurup mungguh legawaning atimu, mulané kowé padha dakalem ana ing ngarepé wong Makédonia. Tembungku, <<Akhaya wis cecawis wiwit taun kang kapungkur.>> Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akèh.
[3] Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalemku marang kowé aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetéla anggonmu cecawis kanthi temenan kaya kang wis dakkandhakaké,
[4] supaya, menawa wong-wong Makédonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabèh -- supaya ora nyebut kowé kabèh -- rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.
[5] Mulané dakanggep prelu, yèn sadulur-sadulur iku dakbereg mangkat ndhisiki, supaya bisa ngurus luwih dhisik dana kang wus dadi kasaguhanmu biyèn, temahan mengko wis cumawis minangka tandha-buktiné kamurahaning atimu lan dudu dana peksan.
[6] Iki gatèkna: Wong kang nyebar sathithik, iya bakal ngenèni sathithik, lan wong kang nyebar akèh, uga bakal ngenèni akèh.
[7] Saben wong pisungsungé dikaya kang dadi rilaning atiné, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Allah iku ngasihi wong kang misungsung kanthi bungah.
[8] Lan Allah kwaos nglubèraké sawernaning sih-rahmat marang kowé kabèh, supaya kowé padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawé becik.
[9] kaya kang katulis, <<Panjenengané ngedum-edum, Panjenengané maringi marang wong miskin, kaadilané tetep ing salawas-lawasé.>>
[10] Panjenengané kang nyawisaké winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, Panjenengané uga bakal nyawisi winih marang kowé lan ditikelaké sarta nuwuhaké pametuning bebeneranmu;
[11] kowé bakal disugihaké ing sarupaning kamurahané ati kang nuwuhaké pamuji sokur konjuk marang Allah marga saka aku.
[12] Awit ayahan katresnan kang kokladèkaké iki ora mung nyukupi kabutuhané para suci baé, nanging uga nglubèraké pamuji sokur marang Allah.
[13] Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhuraké Allah awit saka pambangunturutmu ing bab ngakoni Injilé Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab ngedum-edum samubarang kanggo wong-wong mau apadéné wong kabèh.
[14] Sarta manèh sajroning pandongané, kowé uga padha dikangeni marga saka sih-rahmaté Allah kang nglubèri kowé.
[15] Puji sokur konjuk marang Allah marga saka sih peparingé kang ora kena winirasa iku!