[1] Kang iku sarèhné aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmané Allah, mulané atiku ora semplah.
[2] Ananging aku padha nampik sakèhing panggawé dhedhelikan kang nistha; aku ora ngapusi lan ora malsu pangandikaning Allah, kosok-baliné aku nglairaké kayektèn lan awit saka iku aku masrahaké awakku supaya ditimbang-timbang déning wong kabèh sarana osiking atiné, ana ing ngarsané Allah.
[3] Menawa Injil kang padha dakwartakaké isih meksa katutup uga, mesthi iku katutup tumrap wong kang bakal padha nemu karusakan,
[4] yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angené wus dipicakaké déning ilahé jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injilé kamulyaning Kristus, kang dadi citrané Allah.
[5] Awit kang padha dakwartakaké iku dudu awakku dhéwé, nanging Yésus Kristus kang jumeneng Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu marga saka karsané Yésus.
[6] Awit Allah kang wus ngandika, <<Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!>> Panjenengané uga kang nyorotaké pepadhangé ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyané Allah kang katingal ana ing wedanané Kristus.
[7] Nanging rajabrana iki kawadhahan ing grabah, supaya tetéla menawa kakuwatan kang ngédab-édabi iku asalé saka Allah, dudu saka awakku dhéwé.
[8] Mungguhing samubarang aku iki padha katindhes, nanging ora remuk kejepit; aku padha kentèkan akal, nanging ora kélangan pangarep-arep;
[9] aku padha dikuya-kuya, nanging ora ditinggal ijèn; aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai.
[10] Aku tansah nggawa sédané Yésus ing badanku, supaya sugengé Yésus uga kawedhar ana ing badanku.
[11] Awit aku kang isih urip iki, tansah kaulungaké marang pati marga saka Yésus, supaya gesangé Yésus uga kawedhar ing badanku kang ora langgeng iki.
[12] Kanthi mangkono iku, pati tansah nandukaké dayané ana ing badanku, déné urip nandukaké dayané ana ing kowé.
[13] Nanging sarèhné aku padha kadunungan rohing pracaya kang padha, kaya kang tinulis, <<Aku kumandel, mulané aku ngucap>>, awit saka iku aku iya pracaya lan marga saka iku aku uga ngucap.
[14] Sabab aku padha sumurup menawa Panjenengané kang wus mungokaké Gusti Yésus, iya bakal nangèkaké aku bareng karo Yésus. Lan bebarengan karo kowé kabèh kasowanaké ing ngarsané.
[15] Jalaran iku kabèh kelakoné marga saka kowé, supaya sih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhé, marga sangsaya akèhé wong kang dadi pracaya, ndadèkna sangsaya lubèré pamuji sokur kang konjuk marang kaluhuraning Allah.
[16] Marga saka iku aku padha ora rumangsa semplah, malah sanadyan kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyaraké saben dina.
[17] Awitdéné kasangsaran kang ènthèng saiki iki, iku ngolèhaké kamulyan langgeng kang ngluwihi samubarang tumrap aku kabèh, banget anggoné ngungkuli kasangsaranku.
[18] Marga kang padha dakgatèkaké dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anané mung sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.