[1] Anadéné aku iki sarèhné padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowé kabèh, supaya aja nganti padha gawé muspraning sih-rahmaté Allah, kang wis koktampa.
[2] Sabab Allah ngandika, <<Ing waktu kang prayoga, Ingsun miyarsakaké sira, lan ing dina kaslametan, Ingsun mitulungi sira.>> Satemen-temené, iya waktu iki waktu kang prayoga iku; iya dina iki dina kaslametan iku.
[3] Ing prakara apa baé aku ora padha gawé dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad.
[4] Nanging ing sadhéngah prakara aku nélakaké menawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: Kebak kasabaran sajroning nandhang kasangsaran, ing karupekan, lan ing karibedan,
[5] ing sajroné kasiksa, kakunjara lan kaributan, rekasa, kepeksa melèk, lan nglakoni puwasa;
[6] ing kasucèning ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Roh Suci lan ing sih katresnan kang salugu;
[7] ing sajroning martakaké kayektèn lan pangwaosing Allah; kanthi migunakaké gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi;
[8] nalika diaji-aji lan nalika dirèmèhaké; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging kena dipracaya,
[9] kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang mèh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,
[10] kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah; kaya wong kang mlarat nanging nyugihaké wong akèh; kaya wong kang ora duwé apa-apa, nanging aku padha nduwèni samubarang kabèh.
[11] Hé wong Korintus! Aku wus padha kandha kanthi blak-blakan marang kowé, atiku menga amba tumrap kowé!
[12] Kowé iku padha olèh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksedhiyani papan kang rupek ana ing atimu.
[13] Mulané saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!
[14] Aja nganti kowé padha dadi pasangan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab apa kayektèn iku bisa kapadhaké karo kadurakan? Utawa kepriyé bisané pepadhang tetunggalan karo pepeteng?
[15] Apa Kristus iku bisa kapadhakaké karo Bélial? Panduman apa kang diduwèni bebarengan déning wong kang pracaya lan wong kang ora pracaya?
[16] Apa gegayutané padalemané Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemané Allah kang gesang kaya kang dingandikaké déning Allah mangkéné, <<Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahé, lan Ingsun bakal dadi Allahé, lan wong-wong mau bakal padha dadi umatingsun.
[17] Mulané: Sira padha metua saka panunggalané wong-wong iku, lan sira misaha, mangkono pangandikané Pangéran, lan aja padha gepok-sénggol karo kang najis, tumuli sira bakal padha suntarimah.
[18] Lan Ingsun bakal dadi ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningsun lanang lan wadon. Mangkono pangandikané Pangéran, Kang Mahakwasa.>>