[1] Sadulur-sadulur, aku padha awèh weruh marang kowé bab sih-rahmat kang kaparingaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Makédonia.
[2] Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang wujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahané ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, éwasamono sugih kamurahan.
[3] Sabab aku neksèni yèn wong iku wis padha wèwèh manut kakuwatané, malah ngluwihi kakuwatané.
[4] Sarta metu saka prentuling atiné dhéwé padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya uga padha olèh kanugrahan mèlu ing sajroning ayahan ngladèni marang para suci.
[5] Déné kang padha dipasrahaké iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosaké awaké dhéwé marang Allah dhisik, sabanjuré iya marang aku kabèh uga awit saka karsané Allah.
[6] Awit saka iku aku padha ngatag marang Titus, supaya nekani kowé lan ngrampungaké ayahan sih-katresnan, kang biyèn wis miwiti ayahan iku.
[7] Mula saikiné, padha kaya anggonmu wis sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabèh -- samono uga kowé iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.
[8] Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges préntah, nanging mung marga saka anggonku kepéngin nguji éklasing sih-katresnanmu kalawan nuduhaké sakèhing pambudidayané wong-wong kang padha awèh pambiyantu.
[9] Marga kowé wis padha sumurup marang sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus, yaiku menawa Panjenengané, kang amarga saka kowé dadi mlarat, sanadyan Panjenengané iku sugih, supaya kowé dadia sugih marga kamlaratané.
[10] Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang mbokmenawa maédahi tumrap kowé. Pancèn wis wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakaké lan sumedya ngrampungaké uga.
[11] Mulané saiki, rampungna kang koktindakaké iku! Wondéné anggonmu ngrampungaké iku cundhukna karo éklasing atimu sarta tindakna kalawan ngélingi sapira kang kokduwèni.
[12] Awit menawa anggonmu wèwèh iku kalawan éklas, pawèwèhmu iku mesthi bakal ditampani, menawa pawèwèhmu iku awewaton apa kang kokduwèni, ora awewaton apa kang ora kokduwèni.
[13] Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaènthèngna, nanging supaya dadi timbang.
[14] Mulané beciké saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi timbang.
[15] Kaya kang katulis, <<Wong kang olèh akèh, ora turah lan kang olèh sathithik ora kurang.>>
[16] Nanging puji sokur konjuk marang Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atiné Titus ing bab anggoné mbiyantu kowé,
[17] déné nganti nuruti panjalukku, malah saka bangeting tumemené anggoné tumandang ing gawé, banjur metu saka karepé dhéwé mangkat nemoni kowé.
[18] Lakuné dakkanthèni sadulur kita, kang wus olèh pangalembanané pasamuwan kabèh bab anggoné nggelaraké Injil.
[19] Lan ora mung iku baé! Sadulur mau uga wis kapiji déning pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakaké ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakaké minangka kaluhuraning Gusti lan minangka bukti bab legawané atiku.
[20] Sabab aku kabèh padha arep nyingkiri bab iki: Menawa ana wong kang nacad anggonku nindakaké ayahan sih-katresnan kang wohé akèh banget iku.
[21] Awit aku padha mikiraké kang utama, ora mung ana ing ngarsané Gusti baé, nanging uga ana ing ngarepaning wong.
[22] Karodéné wong loro mau padha dakkanthèni sadulur kita, kang wis dakuji lan katitik anggoné tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggoné mbudidaya marga saka gedhéning piandelé marang kowé.
[23] Déné Titus, iku kancaku lan réwangku nyambut-gawé kanggo kowé; lan sadulur-sadulurku liyané iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurané Kristus.
[24] Awit saka iku buktining katresnanmu lan pangalembanaku marang kowé kabèh, iku tuduhna marang para Sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.