[1] Wong kang wis tuwa aja koksrengeni, nanging élingna kayadéné marang bapa. Wong nom-noman padha élingna kayadéné sadulurmu,
[2] para wong wadon kang wis tuwa kayadéné ibu, para wong wadon kang isih enom kayadéné adhimu, kalawan ati kang resik.
[3] Para randha kang tetep dadi randha lan uripé ijèn, iku padha ajènana.
[4] Nanging randha kang duwé anak utawa putu, anak utawa putuné iku prayogané luwih dhisik padha sinau bekti marang kulawargané dhéwé lan males kabecikané wong-tuwané tuwin embahé, amarga iku kang dadi keparengé Allah.
[5] Déné randha kang tetep dadi randha, kang uripé mung ijèn, iku pangarep-arepé marang Allah lan tansah nenuwun sarta ndedonga rina-wengi.
[6] Nanging randha kang uripé nguja kasenengan, iku wis mati sajroning urip.
[7] Sakèhé randha mau padha élingna bab-bab iki, supaya uripé tanpa cacad.
[8] Déné menawa ana kang ora mikiraké sanak-saduluré, apamanèh brayaté, iku wis murtad lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.
[9] Randha kang kadhaftar iku kang umuré ora kurang saka sewidak taun, kang mung omah-omah sapisan
[10] lan kabuktèn anggoné wis nindakaké panggawé becik, kayata: Nggulawenthah anak, dhemen awèh pamondhokan, ngwisuhi sikilé para Sadulur tunggal pracaya, nulungi wong kang uripé kesrakat, cekaké kang tansah mrelokaké nindakaké sarupaning panggawé becik.
[11] Para randha kang luwih enom iku aja kokdhaftar, awit menawa kataman napsu birai kang njalari pisahé saka Kristus, banjur padha kepéngin omah-omah,
[12] satemah padha nyingkur kasetyané kang sekawit marang Panjenengané, iku padha nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé.
[13] Sarta manèh, sarana mlebu-metu ing omahé wong, padha kulina kesèd-kesèdan, malah ora mung kesèd-kesèdan baé, nanging iya seneng nyatur lan nyampuri urusané wong liya sarta ngandhak-ngandhakaké prakara kang ora patut.
[14] Awit saka iku karepku supaya randha-randha kang isih enom padha omah-omah manèh, padha duwé anak, nuntun brayaté sarta aja padha awèh dhadhakan marang mungsuh, kanggo ngala-ala jeneng kita.
[15] Amarga wis ana sawatara randha kang kesasar nuruti Iblis.
[16] Menawa ana wong kang pracaya, lanang utawa wadon, kang ing brayaté ana randha-randhané, wong iku mbiyantua para randha mau, supaya padha ora dadi sesanggané pasamuwan. Sarana mangkono, pasamuwan bisa mitulungi randha kang uripé ijèn.
[17] Para pinituwa kang becik pangrèhé iku pantes diajèni tikel loro, luwih manèh kang kanthi tumemen anggoné khotbah lan memulang.
[18] Sabab ing Kitab Suci ana pangandika mangkéné, <<Sapi kang lagi dianggo nggiling aja dibrangus,>> lan manèh, <<Wong kang nyambut-gawé iku patut olèh pituwasé.>>
[19] Aja ngladèni pandakwa marang sawijining pinituwa, kajaba yèn ana seksiné loro utawa telu.
[20] Wong-wong kang padha nglakoni dosa iku welèhna ing ngarepé wong kabèh, supaya wong-wong liyané uga padha wedi.
[21] Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus sarta para malaékat pepilihané, aku weling kalawan temen-temen marang kowé: Gatèkna pituduh iki tanpa sangga-runggi lan tumindakmu ing samubarang ditanpa pilih kasih.
[22] Aja kesusu numpangaké tangan marang wong lan aja nganti katut ing dosané wong liya. Jaganen resiking atimu dhéwé.
[23] Aja mung ngombé banyu baé, nanging tambahana anggur sathithik, amarga wetengmu ringkih lan awakmu kerep lara.
[24] Dosané wong sawatara iku wis cetha banget, kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang pangadilan, nanging dosané wong sawatara manèh lagi cetha mbésuk.
[25] Samono uga panggawé becik iku énggal kasumurupan, lan yèn ora mangkono, panggawé iku tetep ora tansah kaaling-alingan.