[1] Ananging ana pangandikané Roh kanthi cetha, yèn ing tembé bakal ana wong kang padha murtad banjur kèlu marang roh-roh panasaran lan piwulangé sétan-sétan
[2] marga saka pambujuking para tukang ngapusi, kang swaraning batiné nganggo ecaping sétan-sétan mau,
[3] wong-wong iku nganakaké larangan jejodhoan, larangan mangan pangan kang dititahaké déning Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur déning para wong kang pracaya lan kang wis wanuh marang kayektèn.
[4] Awitdéné kabèh kang dititahaké déning Allah iku becik, lan siji baé ora ana kang haram, angger ditampani kanthi saos sokur,
[5] amarga kabèh iku wis kasucèkaké déning pangandikané Allah lan déning pandonga.
[6] Sarana ngélingaké bab-bab iku marang sadulur-sadulur kita, kowé bakal dadi abdiné Kristus Yésus kang becik, kang kagulawenthah ing bab dhasar-dhasaring pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik kang wis kokanut nganti sapréné.
[7] Nanging dohana dongèng-dongèng gugontuhoné wong nini-nini. Nggegulanga ing pangibadah.
[8] Nggegulang kajasmanèn iku winates paédahé, nanging pangibadah iku maédahi tumrap samubarang kabèh, awit iku isi prajanji kanggo urip saiki lan ing tembé.
[9] Tembung iki bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen.
[10] Iya iku sababé anggon kita padha rekasa lan mbudidaya kanthi ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduwèni pangarep-arep marang Allah kang gesang, kang dadi Pamartané wong kabèh, kususé para wong kang pracaya.
[11] Iku kabèh wartakna lan wulangna.
[12] Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé, amarga kowé isih enom. Dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya, ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing kasucènmu.
[13] Sabanjuré, nganti satekaku tegena anggonmu macakaké pérangan-péranganing Kitab Suci, sarta anggonmu mbangun lan memulang.
[14] Aja nglirwakaké anggonmu migunakaké kanugrahan kang ana ing kowé, kang wis kaparingaké marang kowé sarana pameca lan sarana tumpangan-tanganing parepatané para pinituwa.
[15] Kabèh iku mau gatèkna, uripa sajroning iku kabèh, supaya kemajuanmu tetéla marang wong kabèh.
[16] Awasana awakmu dhéwé lan piwulangmu. Tegena anggonmu nindakaké iku kabèh, amarga sarana mangkono, kowé bakal mitulungi awakmu dhéwé lan wong kabèh kang padha ngrungokaké piwulangmu.