[1] Awit saka iku, kang dhisik dhéwé aku mituturi: Padha ngaturna panyuwun, pandonga safaat lan panuwun sokur tumrap ing wong kabèh,
[2] tumrap para raja sarta tumrap sakèhing panggedhé, supaya urip kita bisa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakèhé kamursidan lan kaurmatan.
[3] Iya iku kang becik lan kang dadi keparenging Allah, Pamarta kita,
[4] kang ngarsakaké, supaya wong kabèh padha kapitulungan rahayu lan padha olèh kawruh bab kang bener.
[5] Amarga Allah iku asipat tunggal, samono uga Pantawis antarané Allah lan manungsa iya mung siji, yaiku Kristus Yésus kang jumeneng Manungsa,
[6] kang wis masrahaké sarirané minangka panebus kanggo wong kabèh: Iku paseksi ing waktu kang wis katemtokaké.
[7] Iya kanggo paseksi iku aku wus katetepaké dadi juru-warta lan rasul, -- kang dakkandhakaké iki bener, aku ora goroh -- lan dadi guruné wong-wong dudu Yahudi, sajroning pracaya lan apa kang bener.
[8] Awit saka iku, aku kepéngin supaya ing sadhéngah papan wong lanang padha ndedonga kalawan ngulukaké tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.
[9] Mangkono uga wong wadon, padha manganggoa kang pantes, sopan lan prasaja, rambuté aja diklabang, aja manganggo mas-masan, mutiyara utawa sandhangan kang larang-larang,
[10] nanging manganggoa sandhangan kang wujud panggawé becik, dikaya sapatuté wong wadon kang ngibadah.
[11] Wong wadon iku kuduné anteng lan nampani piwulang kalawan mbangun-turut.
[12] Wong wadon ora dakwenangaké memulang sarta ora dakwenangaké ngwasani wong lanang, padha antenga baé.
[13] Awitdéné Adam kang katitahaké dhisik, banjur lagi Hawa.
[14] Apamanèh dudu Adam kang kagodha, nanging wong wadon iku kang kagodha lan tumiba ing dosa.
[15] Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu amarga saka anggoné duwé anak, anggeré ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucèn kalawan prasaja.