Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 3:05

[1] Iki tembung kang bener, <<Wong kang kepéngin nggayuh kalungguhan pamomonging pasamuwan, iku kepéngin nindakaké pagawéan kang adi.>>

[2] Mulané pamomonging pasamuwan iku kudu kang tanpa cacad, kang somahé siji, bisa ngendhalèni dhiri, wicaksana, sopan, seneng awèh pamondhokan, pinter memulang,

[3] ora karem minum, ora gampang nepsu, sumanak, dhemen ngrukunaké, ora ngawula marang bandha,

[4] dadi sesirahing brayat kang becik, kang diéringi lan diajèni déning anak-anaké.

[5] Menawa wong ora bisa ngemudhèni brayaté dhéwé, kepriyé anggoné bisa ngurus pasamuwané Allah?

[6] Aja wong kang durung suwé anggoné mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukuman kaya kang kelakon tumrap Iblis.

[7] Apamanèh nduwènana jeneng kang becik ing sanjabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kala-jireting Iblis.

[8] Mangkono uga para Dhiaken iya kudu wong kang kajèn, kang ora méncla-ménclé, ora karem anggur, ora srakah,

[9] nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroné swaraning batin kang suci.

[10] Wong iku iya kudu ditliti dhisik, banjur lagi padha ditetepaké ing ayahan leladi iku, sawusé tetéla yèn tanpa cacad.

[11] Mangkono uga somahé kudu kang kajèn, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhalèni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabèh.

[12] Dhiaken iku kudu kang somahé siji sarta becik anggoné ngurus anak-anaké lan brayaté.

[13] Amarga wong-wong kang becik anggoné leladi iku olèh kalungguhan kang becik, satemah sajroning pracaya marang Kristus Yésus bisa awèh paseksi kalawan kendel.

[14] Kabèh iku daktulis marang kowé, sanadyan pangarep-arepku bisaa énggal niliki kowé.

[15] Dadi, yèn ana kasèpku kowé bisa nyumurupi, kepriyé uripé wong kang dadi brayating Allah, yaiku pasamuwané Allah kang gesang, saka-pikukuh lan dhasaring kayektèn.

[16] Satemené luhur wewadiné pangibadah kita iku, <<Panjenengané kang wis ngatingal ngagem wujud manungsa wis kaleresaké marga déning Roh kang ngatingal marang para malaékat, kawartosaké ing antarané para bangsa; kang dipracaya ana ing jagat, sinengkakaké sajroning kamulyan.>>

I Timotius — Chapters