[1] Ana wong Farisi jenengé Nikodémus, pangarepé wong Yahudi,
[2] sowan ing ngarsané Yésus ing wayah bengi, sarta munjuk, <<Rabbi, kawula sami mangertos bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus déning Allah, amargi mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika, manawi Allah mboten nunggil.>>
[3] Yésus paring wangsulan, pangandikané, <<Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké manèh, iku ora bisa weruh Kratoning Allah.>>
[4] Unjuké Nikodémus, <<Kadospundi sagedipun tiyang kalairaken, manawi sampun sepuh? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning ibunipun, lajeng kalairaken malih?>>
[5] Yésus paring wangsulan, pangandikané, <<Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké saka banyu lan Roh, iku ora bisa lumebu ing Kratoning Allah.
[6] Apa kang lair saka ing daging, iku asipat daging lan apa kang lair saka Roh, iku asipat roh.
[7] Aja gumun, déné Aku pitutur marang kowé: Kowé kudu padha kalairaké manèh.
[8] Angin iku mididé manut ing sakarepé, lan kowé krungu sumiyuté, nanging ora mangerti pinangkané lan parané. Kaya mangkono iku kaanané saben wong kang kalairaké saka ing Roh!>>
[9] Nikodémus munjuk, aturé, <<Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?>>
[10] Yésus paring wangsulan, pangandikané, <<Kowé iku guruné wong Israèl, kok ora mangerti prakara iku?
[11] Satemené Aku pitutur marang kowé: Kang padha dakrembug iku, iya kang padha daksumurupi, sarta kang padha dakseksèni iya kang padha daktingali, éwadéné kowé ora padha nampani paseksiku.
[12] Menawa nalika kowé dakpituturi bab kadonyan padha ora ngandel, kepriyé bisamu padha ngandel saupama daktuturana bab kaswargan?
[13] Ora ana wong siji-sijia kang wus sumengka menyang swarga, kajaba mung Panjenengané kang wus tumurun saka swarga, iya iku Putrané Manungsa.
[14] Kayadéné Musa anggoné manjer ula ana ing pasamunan, iya mangkono uga Putrané Manungsa anggoné pinesthi kapanjer,
[15] supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané nduwèni urip langgeng.
[16] Awitdéné Allah anggoné ngasihi marang jagat iku nganti masrahaké Kang Putra Ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.
[17] Sabab Allah anggoné ngutus Kang Putra ngrawuhi jagat iku ora supaya ngadili jagat, nanging supaya jagat kapitulungan rahayu déning Panjenengané.
[18] Sing sapa pracaya marang Panjenengané, iku ora bakal diukum; déné sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan paukuman, amarga ora pracaya ing asmané Putraning Allah kang ontang-anting.
[19] Anadéné paukuman iku mangkéné: Pepadhang iku wus tumeka ing jagat, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, katimbang karo pepadhang, amarga panggawé-panggawéné ala.
[20] Sabab sapa baé kang nindakaké piala mesthi sengit marang pepadhang lan nyingkur pepadhang, supaya aja nganti katon panggawéné kang ala iku.
[21] Nanging sing sapa tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetéla yèn panggawéné iku ditindakaké ana ing patunggilané Allah.>>
[22] Sawisé mangkono Yésus tindak menyang Yudéa kadhèrèkaké déning para sakabaté; banjur kèndel ana ing kono sarta mbaptis.
[23] Déné Yohanes anggoné mbaptis ana ing Ainon, sacedhaké Salim, awit ing kono akèh banyuné. Wong-wong banjur padha teka mrono supaya dibaptis,
[24] awit nalika samana Yohanes durung kalebokaké ing pakunjaran.
[25] Nalika samana ana bebantahané para muridé Yohanes karo wong Yahudi bab sesuci.
[26] Para murid mau tumuli padha sowan marang Yohanes lan matur, <<Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun lèpèn Yordan saha ingkang sampun panjenengan seksèni punika inggih mbaptis sarta tiyang kathah sami murugi mrika.>>
[27] Yohanes mangsuli, pangandikané, <<Wong ora bisa nduwéni apa-apa menawa ora kaparingan saka ing swarga.
[28] Kowé dhéwé padha bisa gawé paseksi yèn aku wus pitutur: Aku iki dudu Kristus, nanging aku kautus lumaku ndhisiki Panjenengané.
[29] Kang nduwèni pangantèn wadon iku pangantèn lanang; déné mitrané pangantèn lanang kang ngadeg ing sacedhaké lan nilingaké, iku bungah banget ngrungokaké swarané pangantèn lanang iku. Iya iku kabungahanku lan samengko kabungahanku wus ketutugan.
[30] Panjenengané iku pinesthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.
[31] Kang rawuhé saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabèhé, kang pinangkané saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan rembugé iya tumrap prakara-prakara kang ana ing bumi. Kang rawuhé saka ing swarga iku ngungkuli sakabèhé.
[32] Panjenengané paring paseksi bab apa kang wus dipirsani lan apa kang wus dipiyarsakaké, nanging ora ana wong siji-sijia kang nampani paseksiné.
[33] Sapa kang nampani paseksiné iku, ngakoni yèn Allah iku bener.
[34] Sabab kang kautus déning Allah iku kang ndhawuhaké pangandikané Allah, amarga Allah anggoné maringaké Rohé tanpa wates.
[35] Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahaké samubarang kabèh marang Panjenengané.
[36] Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iku nduwèni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora ngalami urip, nanging malah langgeng anggoné nampani bebenduné Allah.>>