[1] Ing kala purwa Sang Sabda iku wus ana, déné Sang Sabda iku nunggil karo Allah sarta Sang Sabda iku Allah.
[2] Panjenengané iku wiwit ing kala purwa wus nunggil karo Allah.
[3] Samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora katitahaké déning Panjenengané.
[4] Ana ing Panjenengané iku dununging urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.
[5] Pepadhang iku sumunar sajroning pepeteng, sarta ora kalindhih déning pepeteng.
[6] Ana priya rawuh kautus déning Allah, asmané Yohanes.
[7] Rawuhé dadi seksi, kapatah neksèni bab pepadhang, supaya alantaran panjenengané, wong kabèh padha pracaya.
[8] Panjenengané iku dudu pepadhang piyambak, mung kapatah neksèni bab pepadhang.
[9] Pepadhang kang sejati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagat.
[10] Panjenengané wus ana ing jagat, lan jagat iku katitahaké déning Panjenengané, nanging jagat iku ora wanuh marang Panjenengané.
[11] Rawuhé murugi kagungané, nanging para kagungané iku ora gelem nampani.
[12] Nanging sakèhé wong kang nampani Panjenengané iku kaparingan wewenang dadi para putraning Allah, yaiku wong kabèh kang padha pracaya marang asmané,
[13] kang lairé ora saka ing getih, iya ora saka kareping daging utawa saka karepé wong lanang, nanging saka ing Allah.
[14] Sang Sabda wus dadi manungsa, sarta dedalem ana ing antara kita, sarta aku lan kowé kabèh wus padha nyawang kamulyané, yaiku kamulyan kang kaparingaké marang Panjenengané yaiku Putra Ontang-antingé Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayektèn.
[15] Yohanes neksèni bab Panjenengané sarta nywanten sora, pangandikané, <<Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku pitutur mangkéné: Panjenengané kang rawuh nungka aku wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku.>>
[16] Amarga saka kasampurnané, kita kabèh wus tampa ganjaran sih-rahmat kang tanpa kendhat.
[17] Sabab angger-angger iku anggoné kaparingaké lantaran Musa, déné sih-rahmat lan kayektèn iku pinangkané saka Yésus Kristus.
[18] Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Allah. Sang Putra Ontang-anting kang ana ing pangkoné Sang Rama, iku kang nerangaké kawontenané.
[19] Iki paseksiné Yohanes nalika wong Yahudi saka Yérusalèm kongkonan para imam lan para wong Lèwi, supaya matur pitakon, <<Panjenengan punika sinten?>>
[20] Yohanes ngaken kanthi barès, <<Aku iki dudu Kristus.>>
[21] Kang dikongkon banjur padha matur pitakon, <<Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Élia?>> Yohanes paring wangsulan, <<Dudu.>>
[22] Ing kono kang dikongkon padha matur, <<Panjenengan punika sinten, supados kula sadaya sami saged mratélakaken dhateng ingkang ngèngkèn kula. Pangaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kados pundi?>>
[23] Pangandikané Yohanes, <<Aku iki swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nglencengna margi ambah-ambahané Pangéran! Kaya kang wus dipangandikakaké déning Nabi Yésaya.>>
[24] Ing antarané para kang dikongkon mau ana wong Farisi sawatara.
[25] Banjur padha nyuwun pirsa manèh, <<Punapaa déné panjenengan mbaptis, manawi panjenengan sanès Kristus, sanès Élia, sanès nabi?>>
[26] Yohanes mangsuli, pangandikané, <<Aku mbaptis nganggo banyu; nanging ing satengahmu Panjenengané wus jumeneng, kowé padha ora wanuh,
[27] yaiku Panjenengané, kang rawuhé nungka aku. Sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé aku ora patut.>>
[28] Mungguh kelakoné iku mau ana ing Bétania, ing sabrangé kali Yordan, panggonané Yohanes mbaptis.
[29] Ésuké Yohanes pirsa Yésus murugi; panjenengané banjur ngandika, <<Delengen iku Cempéning Allah kang mbirat dosané jagat.
[30] Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku kandha mangkéné: Ana Priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku.
[31] Mauné aku dhéwé iya ora wanuh marang Panjenengané, mulané aku teka lan mbaptis nganggo banyu supaya Banisraèl wanuh marang Panjenengané.>>
[32] Lan manèh paseksiné Yohanes mangkéné, <<Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirané.
[33] Mauné aku iya ora wanuh marang Panjenengané, nanging kang ngutus aku mbaptis nganggo banyu, wus ngandika: Menawa sira weruh Roh iku nedhaki sawenèhing wong lan dedalem ing sarirané, Panjenengané iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci.
[34] Aku wus ndeleng lan neksèni yèn Panjenengané iku Putraning Allah.>>
[35] Ésuké Yohanes jumeneng ana ing papan kono manèh, karo muridé loro.
[36] Nalika pirsa Yésus langkung, Yohanes ngandika, <<Lah iku Cempéning Allah!>>
[37] Muridé loro mau padha krungu anggoné Yohanes ngandika mangkono iku, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus.
[38] Nanging Yésus tumuli nolèh. Panjenengané pirsa menawa murid mau padha ndhèrèkaké, banjur ngandika, <<Kowé padha golèk apa?>> Aturé kang padha kadangu, <<Rabbi, pakèndelan Panjenengan wonten ing pundi?>> (Rabbi tegesé: Guru.)
[39] Pangandikané Yésus, <<Ayo, kowé bakal padha weruh!>> Banjur padha sowan lan weruh pakèndelané, sarta ing dina iku banjur padha manggon ing kono karo Panjenengané; déné mungguh wayahé iku watara jam papat.
[40] Murid loro kang wus krungu pangandikané Yohanes banjur ndhèrèkaké Yésus mau, kang siji yaiku Andréas, saduluré Simon Pétrus.
[41] Dhisiké Andréas ketemu karo Simon, saduluré, banjur dikandhani, <<Aku wus padha ketemu karo Mésias (tegesé: Kristus).>>
[42] Simon mau nuli diirid menyang ngarsané Yésus. Yésus banjur mirsani marang Simon sarta ngandika, <<Kowé iku Simon anaké Yohanes. Kowé bakal dijenengaké Kéfas (tegesé: Pétrus).>>
[43] Ésuké manèh Yésus karsa tindak menyang Galiléa. Panjenengané pinanggih karo Filipus, banjur ngandika, <<Mèlua Aku!>>
[44] Filipus mau wong saka Bètsaida, kuthané Andréas lan Pétrus.
[45] Filipus ketemu Natanaèl, banjur dikandhani mangkéné, <<Aku wus padha ketemu karo kang kasebutaké déning Musa ing sajroning Kitab Torèt sarta déning para nabi, yaiku Yésus, putrané Yusuf, saka Nasarèt.>>
[46] Pangucapé Natanaèl, <<Apa ana barang kang becik saka Nasarèt?>>
[47] Wangsulané Filipus, <<Ayo, delengen dhéwé!>> Bareng Yésus pirsa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngandika, <<Lah, iku wong Israèl sejati, kang ora kadunungan cidra.>>
[48] Natanaèl banjur munjuk, <<Panjenengan nguningani kawula saking pundi?>> Yésus paring wangsulan, pangandikané, <<Sadurungé Filipus ngajak kowé, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir.>>
[49] Natanaèl munjuk manèh, <<Rabbi, Panjenengan punika Putranipun Allah, Panjenengan punika Rajanipun Israèl.>>
[50] Yésus paring wangsulan, pangandikané, <<Amarga Aku pitutur marang kowé: Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir, kowé banjur pracaya? Kowé bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih nggumunaké katimbang karo iku.>>
[51] Yésus banjur ngandika, mangkéné, <<Satemené Aku pitutur marang kowé, kowé bakal padha weruh langit menga, lan para malaékaté Allah padha munggah-mudhun marang Putraning Manungsa.>>