[1] <<Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa kang mlebu kandhang wedhus ora metu lawang, nanging mènèk témbok, iku maling lan rampog;
[2] nanging sapa kang lumebuné liwat lawang, iku pangoné wedhus.
[3] Pangon iku kang diwengani déning kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhusé padha nilingaké swarané, lan tumuli diundangi manut jenengé dhéwé-dhéwé sarta banjur digiring metu.
[4] Menawa wedhusé kabèh iku wus digiring metu, pangoné lumaku ing ngarep lan wedhusé padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau padha nitèni swarané.
[5] Nanging wong liya mesthi ora ditut-buri, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora padha wanuh marang swarané wong-wong liyané.>>
[6] Pasemon iku dingandikakaké déning Yésus marang wong-wong mau, nanging padha ora mangerti tegesé pangandika iku.
[7] Yésus tumuli ngandika manèh, <<Satemené Aku pitutur marang kowé: Iya Aku iki lawangé wedhus-wedhus iku.
[8] Sakèhing wong kang tekané sadurungé Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku padha ora ngrungokaké marang wong-wong iku.
[9] Aku iki lawangé; sapa kang mlebuné metu ing Aku, iku bakal kaslametaké, sarta bakal mlebu lan metu, apadéné bakal nemu pangonan.
[10] Maling iku tekané mung arep nyolong lan matèni sarta nyirnakaké; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip, lan uripé iku kanthi kalubéran.
[11] Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhusé,
[12] nanging wong opahan kang dudu pangon, sarta dudu kang duwé wedhus-wedhus iku dhéwé, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhusé ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyaraké wedhusé.
[13] Anggoné lumayu iku jalaran mung wong opahan, lan ora gumati marang wedhus-wedhusé iku.
[14] Aku iki pangon kang utama lan Aku nitèni wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha wanuh marang Aku
[15] kayadéné Sang Rama anggoné tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohaké nyawaku kanggo wedhus-wedhusku.
[16] Aku isih duwé wedhus liyané manèh, kang ora saka ing kandhang kéné; wedhus-wedhus iku iya kudu dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokaké swaraku sarta bakal dadi pepanthan siji, lan pangon siji.
[17] Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungaké nyawaku supaya daktampani manèh.
[18] Ora ana wong sijia baé kang ngrebut nyawaku, nanging dakulungaké miturut karepku dhéwé. Aku kwasa ngulungaké, lan kwasa ngukup manèh. Dhawuh iki kang daktampa saka Ramaku.>>
[19] Marga saka pangandika kang mangkono iku nuli tuwuh pasulayan manèh ing antarané wong-wong Yahudi. Akèh panunggalane' kang ngucap, mangkéné,
[20] <<Wong iku kapanjingan dhemit sarta ora waras; yagéné padha kokrungokaké?>>
[21] Wong liyané ngucap, <<Iku rak dudu tembungé wong kang kapanjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelèkaké mripaté wong-wong wuta?>>
[22] Ora antara lawas, ana riyaya pèngetan adeging Padaleman Suci ing Yérusalèm; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.
[23] Yésus lagi tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Salomo.
[24] Wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengané lan padha munjuk, <<Ngantos pinten dangunipun anggèn Panjenengan damel mangu-manguning manah kula? Manawi Panjenengan punika Kristus, mugi Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.>>
[25] Paring wangsulané Yésus, <<Kowé wus padha dakkandhani nanging padha ora pracaya; panggawé kang daklakoni atas asmané Ramaku, iku kang padha neksèni mungguh ing Aku,
[26] nanging kowé padha ora pracaya, amarga kowé dudu panunggalané wedhus-wedhusku.
[27] Wedhus-wedhusku padha nilingaké swaraku, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha ngetut-buri Aku,
[28] apadéné padha dakwènèhi urip langgeng, lan wedhus-wedhusku mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawasé lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka tanganku.
[29] Ramaku kang maringaké wedhus-wedhus iki marang Aku, Panjenengané iku ngungkuli samubarang kabèh, lan ora ana wong kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka astané Ramaku.
[30] Aku lan Ramaku iku siji.>>
[31] Wong Yahudi tumuli njupuki watu manèh, arep kanggo mbenturi Panjenengané.
[32] Pangandikané Yésus marang wong-wong mau, <<Akèh panggawé becik kang saka Ramaku kang daktuduhaké marang kowé. Panggawé iku mau endi kang njalari kowé arep padha mbenturi Aku nganggo watu?>>
[33] Wangsulané wong-wong Yahudi, <<Anggonku arep mbenturi kowé iku ora marga panggawé kang becik, nanging marga anggonmu nyenyamah marang Allah, iya iku amarga kowé iku manungsa kok ndadèkaké awakmu iku Allah.>>
[34] Yésus paring wangsulan, <<Apa ora katulis ing Kitab Torètmu, mangkéné: Ingsun wus ngandika: Sira kabèh iku allah.
[35] Menawa wong kang padha kadhawuhan pangandikané Allah iku diarani allah -- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalaké --
[36] apa kowé isih kandha karo Panjenengané kang sinucèkaké déning Sang Rama sarta kang wus kautus menyang jagat iku: Kowé nyenyamah Allah! Amarga Aku wus ngandika: Aku iki Putraning Allah?
[37] Saupama Aku ora nglakoni pakaryané Ramaku, kowé aja pracaya marang Aku.
[38] Nanging menawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowé padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowé padha sumurup lan mangerti yèn Sang Rama iku ana ing Aku lan Aku ana ing Ramaku.>>
[39] Sepisan manèh wong-wong mau padha arep nyekel Panjenengané, nanging Panjenengané luput saka tangané wong-wong mau.
[40] Yésus tumuli tindak manèh menyang sabrangé Yordan, ing panggonané Yohanes biyèn mbaptisi, banjur lereb ana ing kono.
[41] Lan akèh wong kang sowan marang ngarsané sarta padha ngucap, <<Yohanes pancèn ora damel pratandha apa-apa, nanging kabèh kang dingandikakaké déning Yohanes mungguh wong iki, iku nyata.>>
[42] Lan akèh wong ing kono padha pracaya marang Panjenengané.