Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:40

[1] Dadi, sarèhné Yésus Kristus wis nglampahi sangsara cara kadagingan, mulané kowé uga kudu sikep gegaman arupa pikiran kang kaya mangkono -- amarga sapa kang wis nandhang sangsara cara kadagingan iku wis marèni anggoné nglakoni dosa --

[2] supaya waktu kang isih ana, aja kokanggo nuruti pepénginaning manungsa, nanging nuruta marang karsaning Allah.

[3] Jalaran wis cukup suwéné waktu kang kokgunakaké kanggo nindakaké apa kang disenengi déning bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah. Kowé wis padha urip nuruti sawarnané hawa-napsu, pepénginan, endem-endeman, andra-wina, pésta ombèn-ombènan, sarta nyembah brahala kang ora diparengaké.

[4] Marga saka iku wong-wong padha gumun déné kowé kok ora mèlu bebarengan karo wong-wong iku njegur ing blethokaning pamblasar iku uga, temahan kowé banjur dipitenah.

[5] Nanging wong-wong iku kudu padha ngaturaké panjawab marang Panjenengané kang wis siyaga ngadili wong urip lan wong mati.

[6] Awit iya karana iku, Injil kawartakaké marang wong-wong mati uga, supaya padha kayadéné manungsa kabèh, diadili cara kadagingané, nanging mungguh ing roh bisa urip, manut karsaning Allah.

[7] Kawusanané samubarang kabèh wus cedhak. Marga saka iku dibisa ngerèh awakmu sarta diwaspada, supaya kowé padha bisa ndedonga.

[8] Nanging kang prelu dhéwé: Padha tumemena anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akèh banget.

[9] Padha senenga awèh pondhokan tanpa panggrundel.

[10] Padha ladèn-linadènana, miturut peparing kang wis ditampani déning saben wong, kayadéné juru-pangruktining sih-rahmaté Allah kang becik.

[11] Menawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantaraké pangandikaning Allah; menawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparingé Allah, supaya Allah kaluhurna ing samubarang marga saka Yésus Kristus. Panjenengané iku kang kagungan kamulyan sarta pangwaos langgeng salawas-lawasé! Amin.

[12] Para Sadulur kang kinasih, aja padha gumun marang urubing geni panyiksa kang nempuh kowé minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah tumama ing kowé.

[13] Malah padha bungaha, cocog karo panduman kang koktampa saka ing sangsarané Kristus, supaya kowé uga kepareng bungah sarta sukarena bésuk samangsa Panjenengané mbabar kamulyané.

[14] Rahayu kowé, menawa kowé padha diwewada marga saka asmané Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohé Allah dumunung ana ing kowé.

[15] Aja ana panunggalanmu kang kudu nandhang sangsara marga matèni wong, utawa dadi maling, utawa nindakaké piala, utawa ngisruhi urusané wong liya.

[16] Nanging menawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Allah atas asmané Kristus.

[17] Jalaran saiki wis tekan titi-mangsané pangadilan bakal kawiwitan saka umaté Allah. Menawa pangadilan iku kawiwitan saka kita, kepriyé bakal kawusanané wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?

[18] Sarta menawa wong bener iku baé mèh ora kaslametaké, banjur kepriyé bakal kadadéané wong duraka lan wong dosa iku?

[19] Mulané, para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha pasraha marang Panjenengané kang nitahaké, iya kang setya tuhu, kalawan tansah nindakaké kabecikan.

I Pétrus — Chapters