[1] Marga saka iku, sakèhing piala sarta sarupané apus-apus, sakèhing lamis, drengki, apadéné pitenah padha buwangen.
[2] Dikaya bayi kang mentas lair, kang tansah kepéngin marang susu kang murni lan kang rohani, supaya marga saka iku padha tuwuh lan antuk kaslametan,
[3] menawa kowé wus padha ngrasakaké tenanan yèn Allah iku becik.
[4] Padha sowana Panjenengané, watu kang urip iku, kang pancèn ditampik déning manungsa, nanging kang pinilih lan kinurmatan ana ing ngarsaning Allah.
[5] Sarta karebèn kowé iya padha kapigunakaké kayadéné watu urip kanggo mbangun padaleman kasukman tumrap kaimaman kang suci, kanggo nyaosaké pisungsung rohani, kang marga Yésus Kristus njalari keparengé Allah.
[6] Sabab ing Kitab Suci wis katulis, mangkéné, <<Sajatiné, Ingsun wis masang watu ana ing Sion, iya iku watu pojokan kang pinilih lan aji, déné sapa wong kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangaké.>>
[7] Mulané, tumraping kowé kang pracaya, Panjenengané iku aji banget, nanging tumrap kang padha ora pracaya, <<Watu kang ditampik déning para tukang bangunan, iku wis dadi watu pojokan, apadéné iya wis dadi watu patanggoran lan watu sandhungan.>>
[8] Anggoné padha kasandhung iku marga ora mbangun turut marang pangandikané Allah; sarta wong-wong iku pancèn iya wis kacadhangaké tumrap bab iku.
[9] Balik kowé iku bangsa kang pinilih, kaimaman kang ngrajani, bangsa kang suci, umat kagungané Allah pribadi, supaya kowé padha martakaké pakaryan-pakaryan agung kang katindakaké déning Panjenengané, kang wis nimbali kowé metu saka pepeteng marang pepadhangé kang ngéram-éramaké.
[10] Kowé, kang mauné dudu umaté Allah, nanging saiki wis dadi umaté, kang mauné ora padha kawelasan, nanging saiki wis nampa piwelas.
[11] Hé, para Sadulur kang kinasih, aku pitutur marang kowé, supaya kayadéné wong kang mondhok lan wong neneka, padha ngedohana sakèhing pepénginané daging kang padha nglawan nyawamu.
[12] Dibecik uripmu ana ing satengahé bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya menawa kowé dipitenah nindakaké kadurjanan, wong-wong iku padha meruhi panggawému kang becik, satemah ngluhuraké Allah ing dina nalika Panjenengané ngrawuhi wong-wong mau.
[13] Marga saka karsané Pangéran, padha sumuyuda marang sakèhing pangwasa kang katetepaké manut tatananing manungsa, dadia marang raja kang mengku pangwasa kang dhuwur dhéwé,
[14] apadéné para pangwasa sangisoré kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakaké piala sarta ngurmati wong kang tumindak becik.
[15] Sabab, kang dadi karsané Allah, yaiku supaya sarana panggawé becik, kowé mbungkem wong bodho kang cethèk kawruhé.
[16] Uripa kayadéné wong mardika, aja kaya wong kang nylèwèngaké kamardikan iku kanggo nutupi pialané, nanging uripa kayadéné abdining Allah.
[17] Padha ngajènana wong kabèh, padha nresnanana sadulur-sadulurmu kang tunggal pracaya. Duwéa rasa wedi-asih marang Allah, ngurmatana raja!
[18] Hé, kowé para abdi; padha sumuyuda kanthi pakéring marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak baé, nanging uga marang kang kereng.
[19] Jalaran iku mujudaké sih-rahmat, menawa ana wong kang rumangsa kakersakaké déning Allah nandhang sangsara, kang ora samesthiné kasandhang.
[20] Sabab, menawa kowé digebugi marga pokalmu kang dosa, apa iku kena diarani pangalembana? Nanging menawa kowé tumindak kang becik sarta marga saka iku kowé nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsané Allah.
[21] Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Yésus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowé sarta wis nilari tuladha marang kowé, supaya kowé uga tumindak kaya Panjenengané.
[22] Panjenengané iku ora damel dosa, sarta saka ing tutuké ora ana kang cidra.
[23] Nalika Panjenengané dipisuhi, ora males misuh; nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengané kang ngadili kanthi adil.
[24] Panjenengané piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirané ana ing kayu salib, supaya kita kang wis mati tumraping dosa, padha urip tumrap prakara kang bener. Marga saka bilur-biluré kowé wis padha kawarasaké.
[25] Awitdéné biyèn kowé padha kaya wedhus kang kesasar, nanging saiki wis padha bali marang Pangon sarta Pamomonging nyawamu.