[1] Mangkono uga kowé para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, supaya menawa ana wong lanang kang padha ora pracaya marang Pangandika, sanadyan tanpa pitembungan padha dadia pracaya déning tingkah-lakuné kang wadon,
[2] samangsa padha nyawang uripé kang suci sarta mursid iku.
[3] Kang dadi pepaèsmu aja tata-lair, yaiku sarana nglabang rambut, nganggo mas-masan utawa kanthi panganggo kang sarwa éndah,
[4] nanging pepaèsmu iku kamanungsaning batinmu kang ora katon, kang ora bisa rusak, kang asalé saka roh kang lembah-manah, tentrem, kang aji banget ana ing paningalé Allah.
[5] Déné iya kaya mangkono iku, patrapé para wong wadon suci biyèn anggoné manganggo, yaiku wong wadon kang pangarep-arepé marang Allah sarta padha sumuyud marang somahé,
[6] padha kaya Sara anggoné mituhu marang Abraham sarta nyebut panjenengané iku bendarané. Déné kowé iku padha dadi putrané, angger kowé tumindak becik sarta ora wedi ing pangancam.
[7] Samono uga kowé, para wong lanang, uripa kanthi wicaksana karo somahmu, kang klebu golongan kang ringkih! Padha ajènana kayadéné kanca tunggal warising sih-rahmat, yaiku kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalang-alangan.
[8] Wasana kowé kabèh padha disaiyeg saéka-praya, tunggal rasa, nresnani para Sadulur tunggal pracaya, ambek-welasan, sarta andhap-asor.
[9] Aja males piala kanthi piala, utawa pepisuh kanthi pepisuh, nanging kosok-baliné, kowé padha mberkahana, amarga iya kanggo kang mangkono iku anggonmu padha katimbalan, yaiku supaya padha olèh berkah. Sabab,
[10] <<Sing sapa arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik, kudu mekak ilaté saka kang ala, sarta lambéné saka pitembungan kang kebak apus-apus.
[11] Wong iku kudu ngedohi piala sarta nglakoni kabecikan; kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa nggayuh prakara iku.
[12] Jalaran tingalé Pangéran iku tumuju marang para wong kang bener, sarta talingané nilingaké marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wedanané Pangéran iku nglawan marang wong kang padha nindakaké piala.>>
[13] Sarta sapa ta kang bakal nindakaké piala marang kowé, menawa kowé sregep gawé becik?
[14] Nanging sanadyan kowé kudu nandhang sangsara marga saka laku bener, kowé bakal rahayu. Mulané iku aja wedi marang apa kang padha diwedèni wong-wong mau, sarta aja nganti giris.
[15] Nanging padha nucèkna Kristus kayadéné Pangéran ana ing sajroning atimu! Sarta tansah padha sumadhiyaa awèh panjawab marang saben wong kang njaluk katrangan marang kowé bab pangarep-arep kang ana ing kowé, mung baé dikalawan alus lan andhap-asor,
[16] sarta kanthi nurani kang suci, supaya wong kang padha mitenah marang kowé, marga tumindakmu kang becik ana ing Kristus, iku padha kawirangan marga saka pitenahé.
[17] Jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, menawa iku dikarsakaké déning Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.
[18] Sabab Yésus Kristus uga wis nglampahi séda sapisan marga dosa kita kabèh, Panjenengané kang tanpa kaluputan, séda kanggo wong-wong kang padha duwé kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanaké marang ngarsaning Allah: Panjenengané kang tata-kamanungsan wis kasédanan, nanging kagesangaké mungguh ing Roh,
[19] sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengané paring pangandika marang para roh kang ana ing pakunjaran,
[20] yaiku marang roh-rohé para wong kang ing biyèn nalika jamané Nuh padha ora mbangun-turut marang Allah, nalika Allah tetep ngentosi kalawan sabar, ing kalané Nuh lagi yasa prau, lan mung wong sathithik, yaiku wong wolu, kang kaslametaké saka ing banjir.
[21] Samono uga kowé saiki iya padha kaslametaké kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis -- kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Allah supaya kaparingan nurani kang becik -- marga saka wunguné Yésus Kristus,
[22] kang sumengka menyang swarga, lenggah ing satengené Allah, sawisé sakèhing malaékat, pangwasa sarta kakuwatan ditelukaké marang Panjenengané.