Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:09

[1] Para Sadulurku, ing antaramu aja akèh kang kepéngin dadi pamulang; jalaran kowé padha sumurup, menawa kita dadi pamulang, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.

[2] Amarga kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh; sing sapa ora kaluputan ing tetembungané, iku wong sampurna, kang bisa ngendhalèni awaké sakojur.

[3] Kita padha masang kendhali ing cangkemé jaran, satemah nuruti kekarepan kita, sarana mangkono kita uga bisa ngendhalèni awaké sakojur.

[4] Lan manèh, delengen kapal-kapal, sanadyan gedhé banget sarta kasurung déning angin banter, nanging kena dikendhalèni déning kemudhi kang cilik banget, manut kekarepané jurumudhi.

[5] Mangkono uga ilat, sanadyan dadi pérangané badan kang cilik, éwadéné kena kanggo ngandhakaké prakara-prakara kang gedhé. Delengen, sanadyan mung sapelik, geni iku bisa ngobong alas kang gedhé.

[6] Ilat iku iya geni, prasasat jagating kadurakan sarta dadi gegelitaning badan kita, kang bisa ngregedi badan sakojur sarta ngobong jantraning urip kita; déné ilat iku dhéwé kaobong déning geni naraka.

[7] Sakèhing kéwan alas, bangsa manuk, sarta kéwan-kéwan rumangkang lan kéwan-kéwan segara, iku bisa digawé tutut lan wis kelakon digawé ora giras déning manungsa,

[8] nanging ora ana wong sijia baé kang bisa gawé tututing ilat; ilat iku piala kaya kéwan galak kang ora kena dikendhalèni sarta kebak wisa kang mematèni.

[9] Sarana ilat kita memuji Pangéran, Rama kita, sarta sarana ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahaké manut citraning Allah,

[10] saka cangkem siji metokaké berkah lan ipat-ipat. Kang mangkono iku, para Sadulurku ora kena kelakon.

[11] Apa ana sumber kang metu banyuné tawa lan pait saka etuk siji?

[12] Para Sadulurku, wit anjir apa bisa awoh zaitun utawa wit anggur awoh anjir? Mangkono uga etuk banyu asin ora bisa metokaké banyu tawa.

[13] Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta wasis? Iku nuduhna panggawéné sarana caraning urip kang becik marga kawicaksanan kang tuwuh saka alusing budi.

[14] Menawa kowé padha duwé rasa mèri sarta mung mikir awakmu dhéwé, kowé aja padha gumunggung sarta aja goroh, iku nglawan kayektèn!

[15] Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ngaluhur, nanging saka donya iki, saka kamanungsan, saka sétan-sétan.

[16] Sabab angger ana kumèrèn sarta mung mikir awaké dhéwé, mesthi bakal ana kekisruhan sarta sarupané panggawé ala.

[17] Balik kawicaksanan kang saka ngaluhur, iku kang dhisik dhéwé murni, sabanjuré dhemen rukun, alus ing budi, mbangun turut, sugih kawelasan sarta awoh kabecikan, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.

[18] Déné woh kang dumadiné saka kayektèn iku kasebaraké sajroning tentrem-rahayu kanggo wong-wong kang padha mbangun tentrem-rahayu.

Yakobus — Chapters