[1] Para Sadulurku, kowé kabèh iku wong kang pracaya marang Yésus Kristus, Gusti kita kang mulya, anggonmu ngetrapaké pracayamu aja nganggo mawang wong.
[2] Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali emas, nganggo sandhangan sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu nganggo sarwa ala,
[3] nuli kowé padha ngajèni marang wong kang manganggo mompyor mau, banjur matur mangkéné, <<Panjenengan kula aturi lenggah ing papan ingkang saé punika!>>, mangka tumrap wong kang miskin kokkandhani mangkéné, <<Sampéyan ngadeg ngriku mawon!>> utawa, <<Sampéyan linggih ngandhap ngriki celak ancik-anciking suku kula!>>,
[4] apa kowé ora wis padha mbédak-mbédakaké sajroning atimu sarta tumindak dadi hakim kang ala pikirané?
[5] Rungokna ta, para Sadulur kang daktresnani, Allah apa ora wis milih wong-wong kang dianggep miskin déning donya iki padha dadi sugih mungguhing pracaya sarta padha dadi ahli-warisé Kraton kang wis diprasetyakaké marang kang padha nresnani Panjenengané?
[6] Nanging kowé iku wis padha ngrèmèhaké wong-wong miskin. Malah apa dudu wong-wong sugih kang padha nindhes sarta nyèrèd kowé marang pangadilan?
[7] Apa dudu wong-wong iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowé padha dadi kagungané Allah?
[8] Menawa kowé netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci, <<Sira tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé,>> dadi kowé tumindak becik.
[9] Nanging, menawa kowé padha mawang wong, kowé nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yèn kowé nglakoni panerak.
[10] Jalaran sing sapa ngangkah netepi sakèhing angger-angger iku, nanging nglirwakaké sapérangan baé, wong iku kaluputan marang sakabèhé.
[11] Jalaran Panjenengané kang ngandika, <<Sira aja laku bédhang,>> iku uga ngandika, <<Sira aja mematèni.>> Dadi sanadyan kowé ora laku bédhang, nanging yèn kowé gawé pepati, iku kowé uga dadi wong kang nerak angger-angger.
[12] Ngucapa sarta tumindaka kaya wong kang bakal diadili sarana angger-angger kang mardikakaké wong.
[13] Sabab pangadilan kang tanpa welas bakal tumindak ing ngatasé wong kang ora nglakoni kawelasan. Mangka kawelasan iku bakal ngungguli pangadilan.
[14] Para Sadulurku, apa gunané menawa ana wong ngaku nduwèni iman, mangka ora ana panggawéné? Apa imané bisa gawé slameté wong iku?
[15] Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang ora duwé sandhangan lan kekurangan pangan sadina-dinané,
[16] banjur ana panunggalanmu kang kandha mangkéné, <<Mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg>>, nanging ora mènèhi wong iku apa kang dadi kabutuhaning ragané, iku apa gunané?
[17] Mangkono uga tumraping iman: Menawa iman iku ora dikanthèni panggawé, iman iku sejatiné mati.
[18] Nanging bisa uga ana kang ngucap mangkéné, <<Kowé duwé iman, aku duwé panggawé.>> Aku bakal mangsuli, <<Coba tuduhna imanmu kang tanpa panggawé iku marang aku lan aku bakal nuduhaké marang kowé imanku saka panggawé-panggawéku.>>
[19] Kowé pracaya menawa mung ana Allah siji? Iku becik! Nanging sétan-sétan uga pracaya bab iku lan padha gumeter.
[20] Hé, wong bodho, apa kowé saiki gelem ngakoni, menawa iman tanpa panggawé iku iman kang kothong?
[21] Abraham, Rama leluhur kita, apa ora awit saka pandamel-pandamelé anggoné kaleresaké, nalika panjenengané ngurbanaké Ishak, kang putra, ana ing misbyah?
[22] Kowé padha sumurup, menawa iman iku tumindaké bebarengan karo panggawé-panggawéné, sarta marga saka panggawé-panggawé iku iman dadi sampurna.
[23] Sarana mangkono kayektènan pangandika kang surasané mangkéné, <<Abraham pracaya marang Allah, mangka iya pracayané iku kang njalari Abraham kaanggep bener.>> Amarga saka iku Abraham kasebut, <<Mitrané Allah.>>
[24] Dadi kowé padha sumurup, menawa manungsa anggoné kabeneraké jalaran saka panggawé-panggawéné, ora mung saka imané baé.
[25] Mangkono uga Rahab, sundel iku, apa ora awit saka panggawéné anggoné kabeneraké, nalika ndhelikaké para telik-sandi ana ing omahé, banjur mitulungi lolosé, metu dalan liya?
[26] Sabab kayadéné badan tanpa roh iku mati, mangkono uga iman tanpa panggawé iku iya mati.