Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:36

[1] Nanging para Sadulur, mungguh mangsa lan waktuné ora prelu ditulis kanggo kowé,

[2] amarga kowé dhéwé wis padha sumurup kalawan cetha, yèn dinané Gusti iku tekané kaya maling ing wayah bengi.

[3] Menawa wong-wong padha kandha: Kabèh tentrem lan ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadéné wong wadon ngandheg dhadhakan nglarani -- mesthi bakal padha ora bisa ngoncati.

[4] Nanging kowé, para Sadulur, kowé padha ora urip ana ing pepeteng, nganti kowé padha keblejog ing dina iku kang tekané kaya maling,

[5] amarga wong kabèh iku padha dadi anaking pepadhang lan anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.

[6] Awit saka iku prayogané kita aja padha turu kaya wong-wong liyané, nanging padha tangia lan siyaga.

[7] Jalaran wong kang padha turu, iku turuné ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggoné mendem ing wayah bengi.

[8] Nanging kita iki wong-wonging raina, mulané kita padha diwaspada, kudu ngrasuk keréning pracaya lan katresnan sarta tetopong pangarep-areping karahayon.

[9] Awit Allah ora netepaké kita supaya nampa deduka, nanging supaya olèh karahayon marga déning Yésus Kristus, Gusti kita,

[10] kang wis séda kanggo kita, supaya kita, dadia siyaga, dadia turu, padha urip bareng karo Panjenengané.

[11] Mulané kowé padha éling-ingélingna lan bangun-binanguna, kayadéné kang pancèn padha koklakoni.

[12] Panjalukku marang kowé kabèh, para Sadulur, padha urmatana wong-wong kang mempeng ing gawé ana ing antaramu, kang nuntun kowé ana ing Gusti lan kang awèh pepéling marang kowé,

[13] lan supaya padha kokajèni kang banget kalawan katresnan marga saka pagawéané. Tansah padha uripa kanthi rukun ana ing antaramu.

[14] Aku uga padha awèh pitutur marang kowé, para Sadulur, wong kang uripé padha ora tumata, perdinen; wong kang padha cilik atiné, bombongen; wong kang padha ringkih, bélanana; disabar marang wong kabèh.

[15] Padha gatèkna, supaya aja ana wong kang males ala marang wong kang gawé piala, nanging tansah padha ngudia marang kang becik, marang pepadhamu lan marang wong kabèh.

[16] Tansah padha bungaha.

[17] Aja kendhat anggonmu ndedonga.

[18] Padha ngunjukna panuwun ing sabarang prakara, awit iku kang dikarsakaké déning Allah ana ing Kristus Yésus tumrap kowé.

[19] Aja nyirep Roh,

[20] lan aja ngrèmèhaké pamedhar wangsit.

[21] Titinen samubarang kabèh, lan ugemana kang becik.

[22] Padha ngedohana sarupaning piala.

[23] Muga Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucèkaké kowé ing sasampurnané lan muga roh, jiwa lan badanmu kareksa kanthi tanpa cacad nalika rawuhé Yésus Kristus, Gusti kita.

[24] Panjenengané kang nimbali kowé iku setya, Panjenengané uga bakal minangkani.

[25] Para Sadulur, aku kabèh padha dongakna.

[26] Salamku kabèh marang para Sadulur tunggal pracaya kalawan pangambung kang suci.

[27] Demi asmané Gusti panjalukku kanthi banget marang kowé, supaya layang iki kawacakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh.

[28] Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.

I Tésalonika — Chapters