Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:15

[1] Wasana, para Sadulur, panjaluk lan pituturku kabèh marang kowé ana ing patunggilané Gusti Yésus: Kowé wis padha krungu saka aku, kepriyé kuduné lakumu supaya ndadèkaké keparenging Allah. Bab iku pancèn wis padha koktindakaké, éwasamono prayogané kowé saya tumemena anggonmu padha tumindak mangkono.

[2] Kowé uga wis padha ngerti marang pituduh-pituduh kang wis padha dakwènèhaké marang kowé awit saka asmané Gusti Yésus.

[3] Amarga kang dadi karsané Allah iku: kasucènmu, yaiku supaya kowé padha nyingkiri laku-cabul,

[4] supaya wong panunggalanmu ngepèk wong wadon siji dadi somahé dhéwé sarta urip ing sajroning kasucèn lan kasusilan,

[5] ora amarga saka derenging hawa-napsu, kayadéné tumindaking wong kang padha ora wanuh marang Allah,

[6] apamanèh wong aja gawé pitunané utawa ngapusi saduluré tunggal pracaya. Amarga Gusti kang bakal malesaké iku kabèh, kaya kang wis tau padha dakkandhakaké lan daktandhesaké marang kowé.

[7] Allah anggoné nimbali kita iku ora supaya laku-najis, nanging supaya nindakaké apa kang suci.

[8] Mulané sapa baé kang nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Allah kang uga wis maringaké Rohé kang suci marang kowé kabèh.

[9] Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis marang kowé, awit kowé dhéwé wus padha ngulinakaké tresna-tinresnan saka Allah.

[10] Bab iku uga padha koktindakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh ing saindenging Makédonia. Éwadéné, para Sadulur, aku padha pitutur marang kowé, supaya kowé padha luwih mempeng anggonmu nindakaké mangkono.

[11] Apadéné anggepen sawijining pakurmatan menawa bisa urip tentrem, bisa ngurus prakara-prakarané dhéwé, sarta bisa nyambut-gawé kalawan tanganmu, kaya kang wis tau padha dakwelingaké marang kowé,

[12] satemah uripmu dadi wong-wong sopan ing ngarepé wong njaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau.

[13] Sabanjuré, para Sadulur, karepku kowé aja nganti padha ora mangerti bab para wong kang wus mati, supaya kowé aja padha sedhih kaya wong-wong liya kang ora duwé pangarep-arep.

[14] Amarga yèn kita pracaya, menawa Yésus wus séda lan wus kawungokaké, kita uga pracaya, menawa lantaran Yésus, Allah bakal ngempalaké wong-wong kang wis mati mau bareng karo Panjenengané.

[15] Bab iku padha dakkandhakaké marang kowé sarana pangandikané Gusti: Kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhé Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wis padha mati.

[16] Sabab sawusé ana tengara, yaiku samangsa panggedhéné malaékat nyuwanten sora, sarta kalasangkaning Allah kaunèkaké, Gusti piyambak bakal tumedhak saka swarga, lan wong-wong kang mati ana ing Kristus bakal padha tangi dhisik.

[17] Sawusé iku, kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo wong-wong mau ana ing méga, methukaké Gusti menyang awang-awang. Mangkono kita bakal bebarengan karo Gusti ing salawas-lawasé.

[18] Mulané kowé padha lipur-linipura sarana tembung-tembung iki.

I Tésalonika — Chapters