[1] Bab nglumpukaké dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wus dakwènèhaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia.
[2] Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasar apa kang padha koktampa -- padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukaké iku aja nganti lagi koktindakaké samangsa aku teka.
[3] Déné bésuk satekaku, aku arep kongkonan wong-wong kang kokwawas prayoga dakkongkon ngeteraké pisumbangmu menyang Yérusalèm, nganggo padha kinanthènan layang.
[4] Menawa prelu aku iya mèlu mangkat, wong iku mau bakal padha mangkat bareng karo aku.
[5] Déné anggonku bakal nekani kowé, bésuk sawusé aku liwat nratas Makédonia, awit lakuku metu Makédonia.
[6] Bisa uga ana ing Korintus aku bakal tetunggalan karo kowé nganti sawatara suwé, utawa mbokmenawa ing sajroné mangsa bedhidhing, temah kowé padha bisa awèh pitulungan ing bab anggonku nerusaké lakuku.
[7] Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan baé anggonku bakal niliki kowé, malah menawa Gusti marengaké anggonku tetunggalan karo kowé iku bisaa nganti rada suwé.
[8] Nanging aku bakal lèrèn ana ing Éfesus nganti riyaya Péntakosta.
[9] Marga ana ing kono, ana wewengan tumraping aku, kanggo nindakaké ayahan kang agung lan penting, sanadyan akèh wong kang padha nglawan.
[10] Déné samangsa Timotius teka, padha ngaraha supaya sajroné ana ing satengahmu iku aja duwé rasa wedi, sabab wong iku nglakoni ayahané Gusti padha kaya aku.
[11] Mulané aja nganti ana wong kang nyepélékaké! Malah wènèhana pitulungan, amrih bisané nerusaké lakuné kanthi slamet, supaya bali nemoni aku, awit dakanti-anti tekané karo para Sadulur tunggal pracaya liyané.
[12] Déné mungguh sadulur Apolos, anggonku mrayogakaké wus bola-bali supaya niliki kowé bareng karo para Sadulur tunggal pracaya liyané, nanging durung dadi karepé nglakoni ing wektu saiki. Sedyané arep teka mengko yèn wus ana wektu kang becik.
[13] Padha meléka! Padha dibakuh ing pangandel! Dadia kendel, disantosa!
[14] Sakèhing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.
[15] Ana manèh panjalukku marang kowé, para Sadulur. Kowé padha sumurup yèn Stéfanas sabrayaté iku kang kawitan padha mratobat ana ing Akhaya, sarta wus padha ngabdi marang paladosan kanggo para suci.
[16] Mulané padha manut-mituruta marang wong kang kaya mangkono iku lan saben wong kang mèlu tumindak ing gawé sarta padha nglakoni rekasa.
[17] Aku bungah awit saka tekané Stéfanas, Fortunatus lan Akhaikus, amarga wong-wong iku padha minangka gantimu;
[18] sabab para Sadulur iku padha gawé segering atiku lan atimu. Mulané padha ngajènana wong kang kaya mangkono iku.
[19] Salam kanggo kowé kabèh, saka sakèhé pasamuwan ing Asia Cilik. Akwila, Priskila dalah pasamuwan kang ana ing omahé padha kirim salam sajroning Gusti mawantu-wantu marang kowé.
[20] Sadulur tunggal pracaya kabèh padha kirim salam marang kowé. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.
[21] Kalawan tanganku dhéwé, anggonku nulis iki: Salam saka Paulus.
[22] Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!
[23] Sih-rahmaté Gusti Yésus, nunggila ing kowé kabèh.
[24] Tresnaku anaa ing kowé kabèh sajroning Kristus Yésus.