Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:15

[1] Saiki bab peparingé Roh. Para Sadulur, karepku kowé padha nyumurupana ing sanyatané.

[2] Kowé rak padha sumurup, yèn ing nalikané kowé durung padha wanuh karo Allah, kowé padha kagèndèng marang brahala-brahala kang bisu.

[3] Mulané kowé padha daksumurupaké, menawa ora ana wong kang guneman marga saka Rohé Allah kok bisa kandha, <<Yésus kena ing ipat-ipat!>> lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni, <<Yésus iku Gusti,>> yèn ora marga déning Roh Suci.

[4] Peparing iku warna-warna, nanging Roh iku mung siji.

[5] Lan wujuding paladosan iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.

[6] Apadéné panggawé kang ngéram-éramaké iku manéka warna, nanging Allah mung siji kang nindakaké samubarang ana ing wong kabèh.

[7] Nanging saben wong kaparingan wedharané Roh kanggo kapreluaning wong akèh.

[8] Sabab, kang siji kaparingan déning Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijiné tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Roh iku uga.

[9] Kang siji kaparingan pracaya, iya déning Roh iku mau, lan sijiné tampa peparing bisa marasaké iya saka Panjenengané uga.

[10] Kang siji peparing bisa nganakaké mukjijat, sijiné pamedhar wangsit, sijiné manèh kabisan mbédak-mbédakaké sawarnaning roh. Kang siji kabisan guneman nganggo basa roh, sijiné manèh kabisan njarwakaké basa roh mau.

[11] Nanging iki mau kabèh katindakaké déning Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang saben wong dhéwé-dhéwé ing sakarsané.

[12] Sabab, kayadéné badan iku siji, mangka anggotané akèh; sarta sakèhing anggotané badan iku sanadyan akèh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.

[13] Marga sajroning Roh siji kita kabèh wus padha kabaptis dadi badan siji, padha kaombénan saka Roh siji, dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani; dadia batur tukon, dadia wong mardika.

[14] Awitdéné badan iku pérangané rak ora mung siji, nanging akèh.

[15] Saupama sikil kandha mangkéné, <<Sarèhné aku dudu tangan, mulané aku ora klebu péranganing badan,>> apa bener yèn sikil iku ora klebu péranganing badan?

[16] Lan saupama kuping kandha mangkéné, <<Sarèhné aku dudu mripat, mulané aku ora klebu péranganing badan,>> kang iku apa iya bener yèn kuping mau ora klebu péranganing badan?

[17] Saupama badan sakojur iku mung wujud mripat, banjur pangrunguné ana ing ngendi? Saupama badan sakojur iku mung wujud kuping, panggandané ana ing ngendi?

[18] Nanging Allah wus mrenahaké anggota iku, ing papané dhéwé-dhéwé ana ing badan, manut ing sakarsané.

[19] Saupama kabèh iku mau mung dadi anggota siji, banjur badané iku ana ing ngendi?

[20] Pancèn anggotané iku akèh, nanging badané mung siji.

[21] Kang iku mripat ora kena kandha marang tangan mangkéné, <<Aku ora butuh kowé.>> Lan sirah ora kena kandha marang sikil mangkéné, <<Aku ora butuh kowé.>>

[22] Malah péranganing badan kang katoné ringkih dhéwé, iku kang dibutuhaké banget.

[23] Lan anggotaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajiné, iku padha kita paèsi ngluwihi liyané. Sarta péranganing badan kita kang saru, iku padha kita rumati kalawan kusus.

[24] Déné pérang-péranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karumat mangkono. Ujer Allah anggoné ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang pérangan kang rupané ora pantes,

[25] supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabèh pérangan kang béda-béda kaanané iku malah padha reksa-rineksa.

[26] Mulané yèn ana pérangan siji kang lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké; menawa ana siji kang ingajénan, kabèh padha mèlu bungah.

[27] Kowé iku padha dadi sarirané Kristus, sarta siji-sijiné padha dadi pérangané.

[28] Lan Allah wus netepaké wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping teluné dadi guru. Sabanjuré ana kang kaparingan ganjaran nganakaké mukjijat, marasaké, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakaké basa roh.

[29] Apa kabèh iku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apa kabèh mau padha tampa peparing nganakaké mukjijat,

[30] utawa marasaké, utawa migunakaké basa roh utawa njarwakaké basa roh?

[31] Mulané padha nggayuha marang peparing-peparing kang luwih penting. Anadéné aku nuduhaké kowé dalan kang ora ana tandhingé.

I Korintus — Chapters