Skip to content
Opens in a new window

[1] Ing wektu samana wong Filisti ngerigake wadyabalane nglurug perang nglawan wong Israel. Sang Prabu Akhis nuli ngandika marang Sang Dawud: “Kawruhana, yen sira sawadyabalanira ora kena ora kudu ndherek nglurug perang karo ingsun.”

[10] Sang Prabu Saul banjur supaos demi asmane Sang Yehuwah, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, kowe ora bakal kaluputan marga saka prakara iki.”

[11] Sawuse iku wong mau pitakon: “Sinten ingkang kedah kula dhatengaken, supados ngatingali panjenengan?” Paring wangsulane Sang Prabu Saul: “Aku undangna Nabi Samuel, supaya ngatingali marang aku.”

[12] Bareng wong wadon mau ndeleng Nabi Samuel, njerit klawan swara dumeling. Wong wadon mau banjur matur marang Sang Prabu mangkene: “Kenging punapa panjenengan dalem ngapusi abdi dalem? Panjenengan dalem punika Sang Prabu Saul piyambak!”

[13] Sang Prabu banjur ngandika marang wong wadon iku: “Sira aja wedi. Apa kang sira deleng?” Wong wadon iku mangsuli ature: “Kawula ningali wonten makhluk ilahi jumedhul saking bumi.”

I Samuel — Chapters