[1] Senapati Dawud rawuh ana ing Nob murugi Imam Akhimelekh. Imam iku methukake Sang Dawud kanthi kaget, ature marang panjenengane: “Punapaa rawuh panjenengan kok piyambakan lan boten wonten ingkang ndherekaken?”
[2] Wangsulane Sang Dawud marang Imam Akhimelekh: “Kula dipun paringi ayahan dening Sang Prabu kanthi piweling: Sapa-sapaa ora kena nyumurupi prakara kang dadi perlune sira sunutus lan kang sunbubuhake marang sira iku. Milanipun tiyang-tiyang kula sami kula ken dhateng wonten ing satunggaling panggenan.
[3] Dene sapunika panjenengan kagungan punapa? Kula panjenengan sangoni roti gangsal iji utawi punapa kemawon ingkang wonten.”
[4] Wangsulane Imam Akhimelekh marang Sang Dawud: “Kula boten gadhah roti limrah, ingkang wonten namung roti sengkeran; anggeripun tiyang-tiyang panjenengan sami cegah nggepok tiyang estri.”
[5] Wangsulane Sang Dawud marang Imam iku: “Pancen kula sami boten kenging ngempali tiyang estri kados kala rumiyin-rumiyin, manawi kula sami mangsah perang. Badanipun tiyang kula sami suci, sanadyan namung kekesahan limrah, langkung malih ing dinten punika. Satunggal-tunggalipun sami suci badanipun.”
[6] Imam Akhimelekh banjur ngaturi roti sengkeran, amarga ing kono ora ana roti liyane kajaba roti sesaosan; roti iku sabenere kalorod saka ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya ing dina iku disalini roti anyar maneh.
[7] Ing dina iku uga kono ana sawijining punggawane Sang Prabu Saul, kang dipiji ngladeni Sang Yehuwah, jenenge Doeg, wong Edom, tetindhihe para pangone Sang Prabu Saul.
[8] Sang Dawud ngandika marang Imam Akhimelekh: “Ing ngriki panjenengan punapa boten kagungan waos utawi pedhang? Amargi pedhang utawi dedamel kula boten kula bekta, amargi dhawuhipun Sang Prabu sarwi dadakan.”
[9] Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”
[10] Sang Dawud nuli tata-tata lan banjur mangkat ing dina iku uga ngungsi saka ing ngarsane Sang Prabu Saul; tindake wus rawuh ing wewengkone Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat.
[11] Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten: Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon, nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”
[12] Sang Dawud nggatosake marang tembung iku, temah panjenengane ajrih banget marang Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat iku.
[13] Mulane banjur memba wong kang owah ana ing pandelenge wong-wong iku sarta api-api edan ana ing sacedhake wong-wong iku; panjenengane nggrauti korining gapura lan ilere diumbar dleweran ana ing jenggote.
[14] Prabu Akhis banjur ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha ora weruh, yen iku wong edan? Apa perlune wong iku sira gawa mrene?
[15] Apa ingsun kekurangan wong edan, nganti wong iki sira ladekake marang ing mgarsaningsun, apa supaya mamerake edane marang ingsun? Apa pantes wong kang kaya mengkono mlebu ing kratoningsun?”