Skip to content
Opens in a new window

[1] Bab nglumpukake dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wis dakwenehake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati.

[2] Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu – adhedhasar apa kang padha koktampa – padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukake iku aja nganti lagi koktindakake samangsa aku teka.

[3] Dene besuk satekaku, aku arep kongkonan wong-wong kang kokwawas prayoga dakkon ngeterake pisungsungmu menyang Yerusalem, nganggo dakkantheni layang.

[4] Manawa prelu aku iya melu mangkat, wong iku mau bakal padha mangkat bareng karo aku.

[5] Dene anggonku bakal nekani kowe, besuk sawise aku nratas ing tanah Makedhonia, awit lakuku metu ing Makedhonia.

[6] Bisa uga ana ing Korinta aku bakal tetunggalan karo kowe nganti sawatara suwe, utawa bokmanawa ing sajrone mangsa bedhidhing, temah kowe padha bisa aweh pitulungan ing bab anggonku nerusake lakuku.

[7] Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan bae anggonku bakal niliki kowe, malah manawa Gusti marengake anggonku tetunggalan karo kowe iku bisaa nganti rada suwe.

[8] Nanging aku bakal leren ana ing Efesus nganti riyaya Pentekosta.

[9] Marga ana ing kono, aku kawenganan lawang amba lan santosa, kanggo nindakake ayahan kang agung lan wigati, sanadyan akeh wong kang padha nglawan.

[10] Dene samangsa Timoteus teka, padha ngaraha supaya anggone ana ing satengahmu iku aja nganggo sumelang, sabab dheweke nglakoni ayahane Gusti padha kaya aku.

[11] Mulane aja nganti ana wong kang nyepelekake! Malah wenehana pitulungan, amrih bisaa nerusake lakune kanthi slamet, supaya bali nemoni aku, awit dakanti-anti tekane karo para sadulur liyane.

[12] Dene mungguh sadulur Apolos, anggonku mrayogakake wus bola-bali supaya nilikana kowe bareng karo para sadulur liyane, nanging ora bisa ngleksanani ing wektu saiki. Sedyane arep teka mengko yen wis ana longgaring wektu kang becik.

[13] Padha meleka! Dibakuh ing pangandel! Dipadha lanang, disantosa!

[14] Sakehing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.

[15] Ana maneh panjalukku marang kowe, para sadulur. Kowe padha sumurup yen Stefanus sabrayate iku kang kawitan padha mratobat ana ing tanah Akhaya, sarta wus cumawis ngladeni para suci.

[16] Mulane padha manut mituruta marang wong kang kaya mangkono iku lan saben wong kang melu tumindak ing gawe sarta padha nglakoni rekasa.

[17] Aku bungah awit saka tekane Stefanus, Fortunatus lan Akhaikus, awit iku padha nyukupi apa kang dadi kekuranganmu;

[18] sabab para sadulur iku padha gawe ayeming atiku lan atimu. Mulane padha ngajenana wong kang kaya mangkono iku.

[19] Sakehe pasamuwan ing tanah Asia-Cilik padha kirim salam marang kowe kabeh. Akwila, Priska dalah pasamuwan kang ana ing omahe padha kirim salam mawantu-wantu marang kowe.

[20] Sadulur kabeh padha kirim salam marang kowe. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.

[21] Kalawan tanganku dhewe, aku nulis iki: Salam saka Paulus.

[22] Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!

[23] Sih-rahmate Gusti Yesus, nunggila ing kowe kabeh.

[24] Tresnaku anaa ing kowe kabeh sajroning patunggilane Sang Kristus Yesus.

1 Korinta — Chapters