Skip to content
Opens in a new window

[1] Saiki bab peparinge Sang Roh. He para sadulur, karepku kowe padha nyumurupana ing sabenere.

[2] Kowe rak padha sumurup, yen ing nalikane kowe durung padha wanuh karo Gusti Allah, tanpa kokpikir kowe padha kagendeng marang brahala-brahala kang bisu.

[3] Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.

[4] Peparing iku warna-warna, nanging Sang Roh iku mung siji.

[5] Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.

[6] Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.

[7] Nanging saben wong kaparingan wedharane Sang Roh kanggo kapreluaning wong akeh.

[8] Sabab, kang siji kaparingan dening Sang Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijine tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Sang Roh iku uga.

[9] Kang siji kaparingan pracaya, iya dening Sang Roh iku mau, lan sijine peparing bisa marasake iya saka Panjenengane uga.

[10] Kang siji peparing bisa nganakake mukjijat, sijne pamedhar wangsit, sijine maneh kabisan mbedak-mbedakake sawarnaning roh. Kang siji kabisan calathu nganggo basa roh, sijine maneh kabisan njarwakake basa roh mau.

[11] Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.

[12] Sabab, kayadene badan iku siji, mangka gegelitane akeh; sarta sakehe gegelitaning badan iku sanadyan akeh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.

[13] Marga kita kabeh dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani; dadia batur tukon, dadia wong mardika, wus padha kabaptis dadi badan siji padha kaombenan ing tunggal Roh.

[14] Awitdene badan iku perangane rak ora mung siji, nanging akeh.

[15] Saupama sikil calathu mangkene: “Sarehne aku dudu tangan, mulane aku ora klebu peranganing badan,” apa bener yen sikil iku ora klebu peranganing badan?

[16] Lan saupama kuping calathu mangkene: “Sarehne aku dudu mripat, mulane aku ora klebu peranganing badan,” kang iku apa iya bener yen kuping mau ora klebu peranganing badan?

[17] Saupama badan sakojur iku mung wujud mripat, banjur pangrungune ana ing ngendi? Saupama badan sakojur iku mung wujud kuping, panggandane ana ing ngendi?

[18] Nanging Gusti Allah wus mrenahake gegelitan iku, ing papane dhewe-dhewe ana ing badan, manut ing sakarsane.

[19] Saupama kabeh iku mau mung dadi perangan siji, banjur badane iku ana ing ngendi?

[20] Pancen perangane iku akeh, nanging badane mun siji.

[21] Kang iku mripat ora kena calathu marang tangan mangkene: “Aku ora butuh kowe.” Lan sirah ora kena calathu marang sikil mangkene: “Aku ora butuh kowe.”

[22] Malah peranganing badan kang ringkih dhewe, iku kang dibutuhake banget.

[23] Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.

[24] Dene perang-peranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karukti mangkono. Ujer Gusti Allah anggone ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang perangan kang rupane ora pantes,

[25] supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabeh perangan kang beda-beda kaanane iku malah padha reksa-rineksaa.

[26] Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.

[27] Kowe iku padha dadi sarirane Sang Kristus, sarta siji-sijine padha dadi perangane.

[28] Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.

[29] Apa kabeh iku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apa kabeh mau padha tampa kabisan nganakake mukjijat,

[30] utawa marasake, utawa kabisan migunakake basa roh utawa njarwakake basa roh?

[31] Mulane padha nggayuha marang peparing kang pinunjul dhewe. Anadene aku nuduhake kowe dalan kang luwih utama maneh.

1 Korinta — Chapters