Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 5:52

[1] Dadi sarèhné ana ing Kristus iku ana pepéling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas,

[2] mulané padha sampurnakna kabungahanku kalawan mangkéné: Dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tunggal sedya,

[3] sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosok-baliné kalawan andhap-asor kang siji nganggepa marang sijiné luwih utama katimbang awaké dhéwé;

[4] lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhané dhéwé, nanging élinga uga marang kabutuhaning liyan.

[5] Ing sajroné anggonmu padha urip bebarengan padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Kristus Yésus,

[6] kang sanadyan ngagem wujuding Allah, éwadéné anggoné sadrajat karo Allah iku ora kaanggep barang darbé kang kudu dikekahi,

[7] nanging malah wus nyuwungaké sarirané piyambak, lan ngagem wujuding abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.

[8] Apamanèh ing sajroné wujud manungsa iku Panjenengané wis ngasoraké sarirané lan sumuyud nganti séda, malah nganti séda ana ing kayu salib.

[9] Iya iku sababé Allah banget anggoné banjur ngluhuraké Panjenengané lan maringi asma marang Panjenengané ngungkuli sadhéngahing jeneng,

[10] supaya ana ing asmané Yésus, samubarang kang ana ing langit lan kang ana ing bumi lan kang ana ing sangisoré bumi, padha sujud

[11] lan sakèhing ilat padha ngakonana, <<Yésus Kristus iku jumeneng Gusti>>, murih kaluhuraning Allah, Sang Rama!

[12] Para Sadulur kang kinasih, kowé iku tansah padha mituhu, mulané padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikané aku isih ana ing satengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing waktu aku adoh karo kowé;

[13] awit iya Allah kang makarya ana ing kowé, iya ing bab kekarepan, iya ing bab panggawé miturut sakeparengé.

[14] Lakonana samubarang kabèh tanpa panggrundel lan pambantah,

[15] supaya kowé ora padha nistha lan ora padha ciri, padha dadi putraning Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang jahat lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowé sumunar dadi pepadhang ana ing jagat,

[16] kanthi ngandhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinané Kristus, déné ora nglaha anggonku nglakoni balapan sarta ora nglaha anggonku kangélan.

[17] Nanging sanadyan getihku kawutahaké ana ing kurban lan pangibadahing pracayamu, aku bungah, lan aku bungah bebarengan karo kowé kabèh.

[18] Lan kowé iya padha bungaha kaya mangkono, lan bungaha bebarengan karo aku.

[19] Nanging ana ing sajroning Yésus aku kepéngin endang bisané kongkonan Timotius nemoni kowé, supaya ayem atiku menawa wis krungu bab kaananmu.

[20] Awit aku ora duwé wong liyané manèh kang tunggal budi lan tunggal pangangen-angen lan kang temen-temen nggatèkaké kabutuhanmu;

[21] sabab kabèh mburu butuhé dhéwé, dudu kabetahané Kristus Yésus.

[22] Kowé rak wis padha ngerti bab kasetyané kang wus kauji lan anggoné wus ngréwangi aku ing bab anggonku ngladèni Injil, kayadéné anak anggoné ngréwangi bapakné.

[23] Iya iku kang tumuli arep dakkongkon, sawusé cetha tumraping aku kepriyé kadadéané prakaraku,

[24] nanging ana ing Gusti aku pracaya, menawa aku dhéwé uga bakal énggal teka.

[25] Mung baé dakkira prelu aku kongkonan Épafroditus bali manèh marang kowé, yaiku sadulurku tunggal pracaya lan kanca nyambut-gawé sarta kancaku sapeperangan, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.

[26] Awit banget kangené marang kowé kabèh lan uga prihatin marga kowé krungu anggoné lara.

[27] Pancèn iya lara temenan nganti mèh mati, nanging Allah paring kawelasan, lan ora mung marang Épafroditus baé, uga marang aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.

[28] Iya iku sababé anggonku kongkonan luwih cepet, supaya samangsa ketemu kowé, kowé padha bisa bungah manèh lan kuwatirku suda.

[29] Mulané tampanana ana ing patunggilaning Gusti kalawan sakèhing kabungahan lan wong kang kaya mangkono iku padha ajènana.

[30] Marga saka ayahané Kristus, nganti mèh tinggal donya lan ngetohaké nyawané kanggo ngganepi apa kang isih kurang sajroning anggonmu padha leladi marang aku.

Filipi — Chapters