Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 5:02

[1] Saka Paulus, rasul kang ora marga saka manungsa lan ora déning kekarepané manungsa, nanging déning Yésus Kristus lan Allah, Sang Rama, kang wis mungokaké Panjenengané saka antarané wong mati,

[2] lan saka sakèhé sadulur tunggal pracaya kang dadi kanthiku, marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia:

[3] Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus,

[4] kang wis masrahaké sarirané karana dosa-dosa kita, supaya kita kaluwaran saka jagat-ala kang saiki iki, manut karsané Allah lan Rama kita,

[5] kang sayogya kaluhurna ing salawas-lawasé! Amin.

[6] Aku gumun, déné kowé énggal temen padha nyingkur Panjenengané, kang marga sih-rahmaté Kristus wis nimbali kowé, sarta banjur kèlu marang injil liyané,

[7] kang satemené dudu Injil; mung jalaran ana wong kang ngisruhaké kowé lan kang sumedya ngingar-inger Injilé Kristus.

[8] Nanging sanadyan aku kabèh utawa malaékat saka ing swarga martakaké marang kowé injil kang béda karo Injil kang wus padha dakwartakaké marang kowé, iku kenaa ing laknat!

[9] Kaya anggonku biyèn wus padha mituturi, saiki iku dakkandhakaké sapisan manèh: menawa ana wong kang martakaké marang kowé kabèh injil kang béda karo kang wus koktampani, iku kenaa ing laknat!

[10] Dadi kepriyé saiki: kang dakgolèki iku senengé manungsa apa renané Allah? Apa aku ngudi gawé senengé manungsa? Saupama aku isih kepéngin gawé senengé manungsa, dadi aku dudu abdiné Kristus.

[11] Amarga aku wis tau nerangaké kanthi cetha marang kowé, para Sadulur, menawa Injil kang dakwartakaké iku dudu injil kang saka manungsa.

[12] Awit anggonku nampani ora saka manungsa, lan iya dudu manungsa kang mulangaké bab iku marang aku, nanging marga saka wangsité Yésus Kristus.

[13] Sabab kowé wis padha krungu bab uripku biyèn ana ing wewengkoné agama Yahudi: Luwih déning banget anggonku nguya-uya lan ngudi sirnané pasamuwaning Allah.

[14] Malah, ing bab agama Yahudi aku ngluwihi kanca-kanca akèh tunggal bangsa sabarakanku; aku dadi wong kang sregep banget ngleluri adat-tata-carané para leluhurku.

[15] Nanging bareng Allah, kang wis miji aku wiwit aku isih ana ing guwagarbaning ibuku, lan nimbali aku marga saka sih-rahmaté,

[16] kepareng mbabaraké Kang Putra ana ing aku, supaya aku martakaké Panjenengané ana ing antarané bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku babar pisan ora njaluk rembugé manungsa.

[17] Aku uga ora lunga menyang Yérusalèm nemoni para wong kang wus dadi rasul sadurungé aku, nanging aku menyang tanah Arab, lan saka ing kono bali manèh menyang Damsyik.

[18] Sawusé telung taun aku banjur menyang Yèrusalèm prelu nemoni Kéfas lan aku nginep ing dalemé limalas dina.

[19] Nanging aku ora ketemu rasul liyané siji-sijia, kajaba Yakobus, sadhèrèké Gusti Yésus.

[20] Padha gatèkna: Ana ing ngarsané Allah aku mesthèkaké, menawa kang daktulis marang kowé iki nyata. Aku ora goroh.

[21] Sawisé iku aku banjur menyang wilayah Siria lan Kilikia.

[22] Nanging pasamuwan-pasamuwané Kristus ing Yudéa tetep ora padha weruh marang rupaku;

[23] mung padha krungu, menawa wong kang biyèn nguya-uya wong-wong mau, saiki martakaké iman kang biyèn diarah sirnané.

[24] Lan wong-wong mau banjur padha ngluhuraké Allah marga aku.

Galatia — Chapters