[1] Para bendara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, élinga yèn kowé uga duwé bendara kang ana ing swarga.
[2] Sing tegen ndedonga, lan sajroné mangkono iku padha diwaspada kambi saos sokur.
[3] Aku kabèh iya dongakna, supaya Allah maringi wewengan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakaké bab kekerané Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.
[4] Sarana mangkono iku aku bisa nerangaké bab mau ing samesthiné.
[5] Tumindaka kanthi sakèhing kawicaksanan tumrap wong njaba, sarta padha nggemènana waktu.
[6] Tetembunganmu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowé sumurup, kepriyé anggonmu bakal padha mangsuli pitakoné saben wong.
[7] Sakèhé kabar bab kaananku bakal dikandhakaké marang kowé kabèh déning Tikhikus, sadulur kita kang kinasih, abdi kang setya lan kanca tunggal paladosan ana ing Gusti,
[8] kang dakkongkon nemoni kowé supaya kowé nyumurupi kaananku kabèh lan supaya nglipur atimu.
[9] Lakuné dikanthèni Onésimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha nyaritakaké marang kowé samubarang kabèh kang kelakon ana ing kéné.
[10] Salam marang kowé saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus keponakané Barnabas -- tumrap wong iku kowé rak wis diweling -- yèn nekani kowé tampanana.
[11] Lan salam saka Yésus kang apeparab Yustus. Saka antarané para wong tetakan, iya mung wong telu iku kancaku tunggal-gawé kagem Kratoné Allah; iku padha ndadèkaké lipuring atiku.
[12] Salam kanggo kowé saka Épafras, kang asalé saka ing antaramu, iku abdiné Kristus Yésus, kang tansah ngganter anggoné ndongakaké kowé, supaya kowé tetep tanggon, kayadéné wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsané Allah.
[13] Mungguh Épafras iku aku bisa awèh paseksi, bab anggoné keraya-raya nyambut-gawé kanggo kowé lan para wong ing Laodikia lan ing Hiérapolis.
[14] Salam marang kowé saka Lukas, dhokter kang kinasih lan saka Démas.
[15] Salamku marang para Sadulur tunggal pracaya ing Laodikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahé.
[16] Sarta manèh samangsa layang iki wis diwacakaké ana ing antaramu, udinen supaya diwacakaké uga ana ing pasamuwan Laodikia, lan layang kang marang Laodikia supaya uga diwacakaké ana ing ngarepmu.
[17] Lan Arkhipus kandhanana mangkéné: Poma gatèkna, kawajiban lelados, kang wis koktampani ing Gusti iku tetepana kalawan samesthiné.
[18] Salam saka aku Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhéwé. Élinga yèn aku diblenggu. Sih-rahmat nunggila ing kowé.