Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 3:35

[1] Saka aku pinituwa, marang Ibu kang pinilih lan anak-anaké kang padha daktresnani ing sajroning kayektèn. Ora mung aku baé kang nresnani kowé kabèh, nanging dalah sakèhing wong kang wis padha ngawruhi kayektèn,

[2] marga saka kayektèn kang tetep dumunung ana ing kita lan bakal nunggal karo kita nganti salawas-lawasé.

[3] Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan saka Yésus Kristus, Putrané Sang Rama, bakal nunggal klawan kita sajroning kayektèn lan katresnan.

[4] Aku bungah banget déné nyumurupi, menawa ana anak-anakmu sawatara kang padha urip ing sajroning kayektèn, cundhuk karo pepakon kang wis kita tampani saka Sang Rama.

[5] Lan samengko panjalukku marang kowé, ibu, -- aja kok anggep aku nulis pepakon anyar kanggo kowé, nanging kang daktulis iki miturut pepakon kang wis kita duwèni wiwit wiwitan mula -- supaya kita padha tresna-tinresnan.

[6] Déné katresnan iku, kita kudu urip manut pepakoné. Lan pepakon iku, yaiku supaya kowé padha urip sajroning katresnan, kaya anggonmu wis padha krungu saka wiwitan mula.

[7] Awit wis akèh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi salumahing bumi, kang ora ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan antikristus.

[8] Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti padha kélangan apa kang wis padha dakgarap, satemah anggonmu padha nampa ganjaranmu sampurna.

[9] Saben wong kang nyimpang lan ora dumunung ana ing piwulangé Kristus, iku ora nduwèni Allah. Sing sapa dumunung ana ing piwulang iku, nduwèni Sang Rama lan Sang Putra pisan.

[10] Menawa kowé padha katekan wong kang ora ngemban piwulang iku, aja koktampa ana ing omahmu, lan aja kokuluki salam.

[11] Sabab sapa kang nguluki salam wong iku, kalépétan panggawéné kang ala.

[12] Sanadyan akèh kang kudu daktulis marang kowé, aku ora gelem nulis nganggo kertas lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal teka dhéwé, banjur rerembugan adu-arep karo kowé kabèh, supaya kabungahan kita bisa sampurna.

[13] Salam marang kowé kabèh saka anak-anaké sadulurmu wadon kang pinilih.